ANDHA RANTE : Roh iku ora ana, lan durung ana bukti yen roh kuwi ana..... SARIDIN : Sing kandha sapa......roh kuwi ana, contone nek awake dhewe ora nduwe roh, awake dhewe ora isa obah. Anane roh awake dhewe isa nyambut gawe lang nglakoni aktivitas liyane. Tanpa roh awake dhewe wis dadi rosokan balung kulit..... ANDHA RANTE : Dadi yen samubarang kang isa obah kuwi miturut panemumu mesthi nduwe roh apa nganggo ukara liyane diarani urip ngono..... SARIDIN: Ya wis mesthi, samubarang kang urip mesthi ndhuwe roh lan isa obah..... ANDHA RANTE : Lan miturutmu samubarang kang ora nduwe roh ora isa obah ngono pa piye..... SARIDIN : Yuup, bener....bener banget kuwi..... ANDHA RANTE : Kowe ngerti apa kang diarani spermatozoon apa uga ana kang ngarani spermatozoa.... SARIDIN : Ya ngerti , miturut pelajaran biologi spermatozoa iku rak "sel kelamin jantan" ...... ANDHA RANTE : Lha yen miturut kowe spermatozoa kuwi nduwe roh utawa wis diarani barang kang urip apa ora..... SARIDIN : Ya durung , spermatozoa yen durung "membuahi" ovum , utawa durung ana kedadean konsepsi utawa coitus sing ndadekke anane individu anyar ya durung diarani makhluk kang urip.... ANDHA RANTE: Spermatozoa dudu makhluk kang urip, ora nduwe roh, kok isa obah mlayu nggoleki pasangane ya, ora ketang umure mung sedhelok..... SARIDIN : Iku anu, ah....ya piye ya.....??????