Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Stress

11 Oktober 2012   01:07 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:57 770
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13499175121460463921

[caption id="attachment_203753" align="aligncenter" width="666" caption="dudu fotone sing nulis, sumpah! ilustrasi dijupuk saka rimanews.com"][/caption]

Dina sik isuk ning kanggo Paino rasane wis surup, peteng. Wong lanang sing biasane golek rongsokan keliling kampung iku milih uglak-uglik nang duwur lincak ngarep omahe. Wis telung dina iki dheweke kaya ngunu. Awake sing cilik ketok nglentruk, ora semangat. Males mung klentrak-klentruk nang lincak akhire wong lanang umur patang puluhan iku milih metu. Ditutup lawang omahe banjur mlaku. Tangga-tanggane isuk ngene padha umek karo kerjoane dhewe-dhewe. Pingin ngenakno atine sing lagi ora jejeg, Paino milih nang kali. Durung ngganti teka kali cilik nang kampunge Paino ndelok Tomin, wong lanang sing sik pernah ponakane lagek umek dhewe nang samping omah.

Paino   : Gawe opo, Min?

Sing dijak omong nyawang diluk banjur nduduhno pring nang tangane.

Paino   : Gawe layangan ta?

Tomin  : *Manthuk*

Ndelok Tomin asik dhewe Paino sing lagek ora ono kerjoan akhire melu lungguh, doprok nang sandinge.

Paino   : Kate diumbulno dhewe opo didol?

Tomin  : Nggo dolenan dhewe.

Paino   : Ou...Yok opo kabarmu, Min? Apik-apik ae ta? Masio omah cedek ketoke suwi kene gak tau ketemu. Kaet isuk wes mubeng golek rosok, muleh bengi, gak tau sempat dolen-dolen aku.

Tomin  : Apik, Lik.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun