Lek biasane isuk-isuk Wiji umek karo pawon, resik-resik omah karo kumbahan, isuk iki wong wedok iku malah milih adus dhisik. Ora mung adus, Wiji yo salin klambi sing rada apik. Rambute sing dawa disisir, wedakan sithik, ngombe teh anget sing dicepakno dhewe terus mapan turu. Diman sing durung tangi, sik gletakan nang kasur kaget.
"Wou...aku kate kerjo, ngko bengi ae," omonge nang bojone.
"Yo kerjo o kono," saure Wiji karo slimutan.
Diman tangi. Wong lanang iku nyawang bojone sing merem nang sandinge. Anake wes ora ono. Arek cilik iku mesti wes sepedaan.
"Lapo koen iku?" takone Diman.
"Pak, sampeyan tukuo maem ae yo, sisan ngge anakmu. Kae ngko adusono sik."
Diman nggulung sarunge. Anake sing lagek sepedaan nang ngarep omah diceluk.
"Uwes, gek mentas."
"Cik, kocok-kocok iki."
"Lek dikosoki kabeh entek ngko kulitmu. Pak'e selak budhal kerjo iki."
Tomin sing lek adus mesti suwi mergo disambi dolanan ora gelem mentas. Akhire Diman nyandak anake, digrujuki terus digendong ngalih. Mari ngadusi anake, Diman tuku sego pecel nang tanggane. Karo sarapan, anake didulang sisan.