"Mak'e cemangat!"
"Doyang telus!"
Jum'at sore wayahe Wiji karo ibu-ibu kampung senam aerobik. Cek sename enak, ora diganggu wong sing iseng, ibu-ibu milih balai RT. Masio ora patio amba ning cukup. Lawange ditutup, sing ora senam ora oleh melu mlebu kejawa arek cilik, anake ibu-ibu sing senam, kaya Tomin.
"Meneng, kono ndok mburi ae."
Tomin nggoyang-nggoyangno bokonge. Arek cilik iku megal-megol nirukno ibu-ibu sing senam. Lek arek cilik liyane manut, gelem dikongkon nang mburi, Tomin seje. Arek lanang iku nang ngarep dhewe, njejeri instrukture.
"Pak, Tomin jak'en," omonge Wiji.
"Lha lapo?"
"Arek iku ngrusuhi. Ya, Pak?"
"Ngrusuhi yok opo?"
Kamis bengi Wiji njaluk bojone njaga anake sesuk cek ora melu senam.
"Lha anakmu ki gak gelem meneng, mesti berok-berok nyeluki. Gurung maneh senengane ndok ngarep, njejeri instrukture."