Sakjoke ngerti lek bojone disiri Trimo, Diman saiki rodok seje. Masio ora diketokno nang bojone ning wong lanang iku luwih perhatian. Lek biasane awan mulih kerjo jam rolas pas, wayahe mangan, saiki sak karepe. Kadang durung jam rolas, kadang luwih. Kadang diluk-diluk mulih. Ono ae alasane lek ditakoki bojone. Sing ketinggalan perkakas lah, kudu ngising lah, pokoke ono ae. Sing jelas Diman mung pingin ndelok bojone nang omah.
Ora mung iku, kadang lek ora akeh, pengaweane digarap nang omah. Wiji jelas seneng. Wong wedok sing akhir-akhir iki kerep keweden iku ono koncone. Nang omah mung karo Tomin, Trimo kerep ndelik-ndelik moro. Kadang Wiji moro nang omahe moro tuwane, sisan ngancani anake dolanan. Kadang dolan nang tanggane, masio asline Wiji ora patio seneng nonggo, wedi lek dijaki arisan opo kredit.
“Nontok sepur yuk, Min.”
Sore mari nggarap kerjoane, Diman langsung adus. Anake sing wis adus dhisiki lagek ngenakno mangan gedang lek ngewei mbahe.
“Ayo, Pak.”
“Mak e ndi?”
“Adus.”
“Sik ngenteni Mak e.”
“Mak e tinggal ae.”
“Ojo, nangis ngko.”
“Mak e cuwi.”