Duwe anak cilik sing mulai akeh omonge lan pitakone, Wiji karo Diman kudu pinter. Opo maneh Wiji sing ben dina nyasat 24 jam karo anake. Lambene kadang kesel nyauri Tomin. Ora mung iku, Wiji Diman yo duwe istilah dhewe dingge nyebut opo-opo sing durung wayahe dingerteni anake.
Arek sing umure telung tahun luwih iku saiki lagek seneng-senenge nakokno adik. Opo maneh lek mari tukaran karo kanca dolanane, mulih mesti langsung njaluk adik. Kaya sore iki.
"Mak, nyuwun adik," omonge karo mecucu.
"Mene."
"Mene tapan?" takone maneh.
Wiji sing bosen ditakoni iku-iku ae milih ngalih, nyandak piring karo gelas sing mari dingge bojone mangan. Ditinggal emake nang pawon, Tomin pindah nang bapake sing lagek ngenakno lungguh karo ngeluh boyok.
"Pak'e nyuwun adik."
Seje karo bojone, Diman lek ditakoni anake mesti disauri, masio kadang ngarang.
"Piro?"
Tomin bingung. Disawang drijine, kate ngitung.
"Lima cukup?" takone Diman.