Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Panggung Gembira

24 Juni 2013   08:08 Diperbarui: 24 Juni 2015   11:31 371
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Kampunge Wiji kate nganakno Panggung Gembira pas malam pitulas. Panggung Gembira iku bakal digelar sak uwise slametan. Per keluarga dijaluki sumbangan, dudu duwit ning sumbangan ngisi acara. Sing dadi panitia oleh ora nyumbang acara. Diman sing kapanane kesleo pas kerjo ora iso dadi panitia taun iki dadi kudu nyiapno salah siji anggota keluargane. Pingine anak lanange sing ganteng dhewe, Tomin, sing kon nyanyi kaya pas nang sekolahan wingi ning jenenge arek cilik lek ora pinginane dhewe ora gelem.

"Iki kudu atek make up kaya ngene ta?" takone Wiji.

"Lha yo iyo, wong kate nyanyi. Lek kate macul yo gak perlu," saure Paini.

Ngrayu Tomin ora iso, bingung kate nyumbang opo, lha kok tangga-tanggane ngujuki Wiji kon nyanyi. Mulane wong wedok iku ora gelem ning mbareng dipekso lor kidul trus bojone yo melu ngujuki sisan Wiji akhire manut. Seminggu wong wedok iku latian karaoke nang omah.

"Ngko Pak'e Tomin nesu," omonge Wiji sing lungguh di-make-up.

"Bojone dipacaki ayu kok nesu. Wis meneng ae, ngko rusak pondesene."

Diman sing ndukung bojone nyanyi nang Panggung Gembira Agustusan wis wanti-wanti nang bojone. Ora oleh njoget kecuali jepol. Ora oleh macak menor kaya biduan temenan opo maneh melu-melu macak atek klambi sing kaya nang VCD-VCD bajakan kae.

"Lah, ojo rok minian ngene. Rok dawa opo clana ae," omonge Wiji kaget ndelok kostume.

"Lha koen kate ngaji opo ndangdutan. Lagune Asolole kok kate macak kosidahan. Ayu ayu, percoyo aku," Paini ngomel maneh.

Wiji sing wis mari di-make-up saiki yo wis ganti klambi.

"Kono delok, ayu gak? Aku ki gak tau mbujuk lek omong. Ngene ki koen ngaku prawan yo sik percoyo wong-wong."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun