Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Ngrantau

2 Maret 2015   15:16 Diperbarui: 17 Juni 2015   10:17 167
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Mak, aku tak melu nang Jakarta ya? Njajal sesasi rong sasi. Jare gajine lumayan. Mumpung Tomin sik cilik, ngge celengan."


Bengi iki Diman taren nang bojone kate melu kanca-kancane kerjo nang Jakarta. Dadi tukang kayu kerjoan ora iso dijagakno. Kadang ono kadang yo ora. Diman pingin mbalik kerjo nang pabrik kaya jaman biyen durung rabi.


"Mak..."
"Sembarang. Biyen jaremu emoh nang pabrik mergo cek iso ngatur wektu, gak sedinoan lek kerjo. Iso duwe wektu ngge anak bojo."
"Iyo. Mikire yo ngunu. Tapi ngerti dewe duwite gak iso dijagakno. Saiki anakmu sik cilik, ngko lek wes mlebu sekolah kan selot akeh butuhe."
"Lha aku melu kerjo gak oleh."
"Gak. Lek kabeh kerjo trus sing ngurus Tomin sopo."


Wiji meneng. Wong wedok iku nerusno lek lempit-lempit klambi. Anake wes merem kaet mau. Diman ngletak nang sandinge anake. Diambungi pipine Tomin nganti arek cilik iku obah-obah.


"Awakmu mulih sik ae, nang kampung. Timbang dewe nang kene," omonge Diman.
"Lha trus emak yok opo? Wong emak yo dewe nang kene. Gak, aku nang kene ae."


Emake Diman sing wes randa urip dewe ora adoh saka omahe Wiji Diman.


"Kan onok Mas Jun."
"Koyok emak gelem ae karo Mas Jun. Gak, aku nang kene ae, gpp."


Diman karo kanca-kancane budal nang Jakarta numpak sepur. Nang Jakarta wong lanang iku nginep nang mess. Ora sido melu nang pabrik, Diman milih nang kerjo nang proyek dadi iso mulih lek proyeke mari.


"Man, kene nyangkruk sik, ngopi-ngopi sik."
"Gak, wes ngantuk."


Kerjo nang proyek masio kesel ning ngge hiburan wong-wong ora langsung leren turu malah nyangkruk nang warung. Ono sing mung ngopi karo rokokan, ono sing dolanan kertu. Ono ugo sing ndangdutan, karaokean karo pengamen sing biasa moro ben malem minggu. Bengi iki malam minggu, Diman sing durung iso turu melu nyangkruk nang warung.


"Man, ketoke Ayu seneng koen. Kaet mau nglirik ae."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun