Lek biasane wong lanang seneng ngingu manuk, sing jenenge Diman luwih seneng ngingu iwak. Wong lanang sing tukang gawe mebel iku lek nduwe wektu mesti budal nang kali, mancing. Jaman sik joko, Diman kerep kluyuran nang kutho liya, mung ngge mancing. Wis nduwe anak bojo paling banter kali cedek omah.
Selot gede anake, garapan yo selot akeh, hobi mancinge mulai sudo. Dudu ora seneng ning mergo ora duwe wektu. Ning jenenge hobi, wis ndaging, akhire Diman muter utek. Wis rong dina wong lanang iku umek nang mburi omah, gawe kolam. Tomin sing durung sekolah diluk-diluk nginguk bapake. Ning mergo akeh ngrusuhine Diman ngongkon bojone nggowo anake ngalih. Kebeneran Wiji lagi endang emake sing rada ora penak awake.
"Kolame pak'e anyal!" bengoke Tomin ngerti nang mburi omah ono kolam iwak, mari mulih saka omahe mbahe.
Kolam gaweane Diman ora amba, mung 2x3 meter. Kolam iku diiseni iwak nila. Diman sing ndelok anake seneng melu mesam-mesem. Lumayan iso ngge lawuh anake lek wis gede.
"Min! Woo, arek iki. Eruh pakmu di...diseneni koen ngko," bengoke Wiji nang anake.
"Gak, pak'e gak tau nesu kok."
"Yo mesti nesu lek ngerti koen koyok ngunu."
Wiji sik bengak-bengok. Tomin sing dibengoki meneng ae, ning kancane sing tanggane wedi trus pamit mulih.
"Nguyuh ki nang jeding kono. Sopo ngunu iku sing marahi?"
Tomin nyebek, kate nangis.
"Iwake seneng."