Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Manusia Setengah Kingkong

20 Juli 2011   04:43 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:32 508
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Kisah iki kedadean sewu limang atus taun biyen, jaman kolo bendu, jaman sepur sik soko lempung, jaman sing wuluen lagi kondang-kondange. Kisah cinta antara menungso setengah kingkong karo wedhus setengah asyu. Roro Asyu karo Den Bagus Kingkong sing ketemu gak sengojo pas lagi nontok tandak bedes awale biasa ae. Baru pas pertemuan sing kepindo mulai onok roso-roso. Pas iku Roro Asyu sing lagi mlaku-mlaku nang alas gak sengojo ketemu maneh karo Den Bagus Kingkong sing lagi gelantungan nang uwit sawo. Awale mung plerok-plerokan, jenggong-jenggongan suwe-suwe kok kroso onok sing ilang lek gak krungu suarane, ndelok raine.

Roro Asyu duwe papah sing sekti mondroguna. Dukun sing paling diwedeni sak alas, gak mergo sektine thok tapi mergo rupane sing ancen medeni, Dukun Brambank jenenge. Gak onok sing wani ndelok langsung motone. Jare wong-wong sih bakal kesedot sukmane. Bedo karo wong sekti sing biasane motone abang, Dukun Brambank iki motone ijo, opo maneh lek ndelok kewan rodo manis sithik, mesti motone selot ijo trus ngiler. Sempat dadi desas-desus sak warga alas secara Roro Asyu ayune gak jamak, bedo adoh soko papahe sing luweh pantes dadi garangan timbang menungso.

Dukun Brambank sing jare dudo kaet Roro Asyu bayi sayang banget nang anak wedoke iku. Gak kaget lek saking sayange Dukun Brambank gak rela lek anake iku cedek karo Den Bagus Kingkong. Alasane sih mergo gak sak level. Roro Asyu masio papahe elek ngunu asline sik keturunane rojo. Lha, Den Bagus Kingkong iku mung arek lanang sing gak duwe wong tuwo. De'e biyen netes soko boto. Akhire arek enom loro iku kudu pinter-pinter ndelek cek gak ketemon Dukun Brambank. Kisah iki bakal dipisah nang beberapa adegan cek enak mocoe. Kisah cinta tanpa restu wong tuwo sing sampek jaman saiki yo sik akeh ceritane.

ADEGAN GENDAKAN

Panggon          : Pinggir sawah sing onok kaline

Wektu             : Isuk lek melu jaman saiki yo sekitar jam 7an

Posisi               : Arek loro lungguh nang galengan karo dolenan banyu

Roro Asyu                   : Kingkong... *nyeluk gawe nada manja*

Den Bagus Kingkong : Opo? *nyauri karo mesam-mesem*

Roro Asyu                   : Gak popo, pingin nyeluk ae *isin*

Den Bagus Kingkong : Wooo, tiwas aku sisiran.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun