Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Layang Tresna

29 Oktober 2013   05:25 Diperbarui: 24 Juni 2015   05:54 364
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Lapo kok kesusu? Enak-enak crito kok malah lungo?"

"Sesuk-sesuk maneh. Digoleki anakku ngko, wayahe mulih iki."

Retno ngadeg trus kate ngalih. Tanggane Diman sing mari saka pasar iku mampir nang nggone Diman kerjo, ngobrol ngalor ngidul. Wis pirang dina kaya ngunu, ben lewat nggone Diman mesti mampir. Durung rong jangkah Wiji sing ngeterno panganane bojone mecungul.

"Ji, ngirim?" sopone Retno.

"Ho oh."

Dina iki Diman ora mulih mangan awan, Wiji sing ngerti bojone ora mulih budal ngeteri pangganan bojone nang nggone lek nggarap kursi. Mari nggletakno rantang Wiji langsung balik mulih. Diman sing lagek lungguh karo rokokan mung meneng ae.

Jenenge wong rumah tangga mesti ono ae perkarane. Perkara cilik iso dadi gedhe, iso ugo sewalike. Sing kadang sering dilalekno wong sing omah-omah ki kurange penghargaan. Rumangsa wis biasa, ora perlu romantis-romantisan, akhire malih sepo, hambar boso kerene. Diman sing dasare meneng wis dipahami karo Wiji, bojone. Ning ndelok wong sing meneng iso rame nang wong liya, opo maneh wedokan, seje maneh perkarane.

Mulih kerjo Diman adus trus mangan kaya biasane. Ora langsung turu wong lanang iku dolanan HP sing kaet tuku semingguan iki. Diutak-utek karo ngguya-ngguyu. Wiji sing lungguh nang sandinge karo nglempiti klambi mung nglirik sediluk. Anake, Tomin, wis teka Sumatra lek turu.

Kangge Mas Diman,

Wis limang taun luwih awake dewe keluarga. Semono iku wis akeh sing awake dewe lewati. Gak mung seneng, susah yo wis sego jangan. Apikku elekku sampeyan wis ngerti kabeh. Apikmu elekmu aku yo wis iso nompo. Menengmu gak tau tak gugat. Ancen wis kaya ngunu gawan bayimu. Tak pikir aku wis ngerti sampeyan, limang taun iki, tibake aku salah.

Selama karo aku gurung tau aku ndelok sampeyan ngguyu, seneng. Biyen tak pikir ancen ngunu iku sifatmu. Embuh opo'o sampeyan gak tau crito-crito lek karo aku. Mesem ngguyumu yo iso diitung. Sak ngertiku, Mas, lek wong sayang iku opo ae pingin dibagi, susah yo seneng. Tak delok sampeyan gak kaya ngunu.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun