“Saya terima nikah dan kawinnya Lastri binti Ponijan dengan mas kawin uang lima ratus ribu rupiah dibayar tunai!”
“Sah!”
Wong-wong lanang sing ngubengi manten podho mbengok bareng. Wong-wong wedok podho mesem, marem. Mari ndungo bareng, siji-siji nyalami manten gantian.
“Uwis, ngko ilang pacakane. Elek.”
Lastri sing ora iso ngempet, mbrebes terus mari ijaban. Ono rasa marem tapi yo nelongso nang njero atine. Bapake wis ora ono. Adike lanang sing ragil ngganteni bapake dadi wali. Ning ora mergo iku thok, arek wedok iku eling Tarno.
***
“Koen gak popo ta?”
Lastri gedheg.
“Ngombe sik, pucet ngunu.”
Lastri nampani botol banyu soko Meri. Diombe sithik isine. Wong wedok iku ora iso nutupi atine sing deg-degan.
“Opo’o, lara ta?”