“Pokoke kawin!”
“Kawin ki gampang, tapi yo dipikir sik duwite.”
Joko mecucu. Marni sing sik mangkel ora ngomong maneh. Sampek saiki Marni durung percoyo lek ponakane sing plonga-plongo iku iso ngetengi pacare.
“Lik...”
“Iyo...iyo, sing sabar ta lah. Diomongno dhisik, ojo nambahi mumet ndasku.”
Sakjoke diomongi pacare lek lagi meteng, Joko nyusu-nyusu bulik karo paklike kon ngrabekno. Marni dhewe bukane ora gelem, ning sik mumet. Siji dheweke ora percoyo, isin, yo wedi arek umur sakmunu kok wis kudu rabi.
“Iku wis dijak nang dokter gurung? Wis dites?”
Joko gedheg.
“Lha kok ngerti lek meteng. Sopo ngerti mung masuk angin.”
“Wetenge gedhi.”
“Wetengku yo gedhi, tapi yo gak meteng.”