Sak durunge rabi karo Diman, Wiji wis bolak-balik sir-siran. Pacaran cara bedes alias cinta monyet lek jare arek saiki. Mulih sekolah, arek SMEA iku ketok mbladus raine. Kringete ndrodos kabeh ketambahan lambene sing mecucu ae. Bapake sing yo lagek ae mulih dodolan mung nglirik anak wedoke iku.
Biasane mulih sekolah langsung nyandak piring, mangan. Awan iki Wiji sing ketoke lagi ora enak atine mung lungguh karo usrek ae. Jawane ngunu golek perhatiane bapak karo emake. Ning emake sing sik umek ngladeni bojone ora tanggap. Bapake yo mung meneng ae karo nyruput wedang.
"Pak'e..." mergo ora betah akhire Wiji nyeluk bapake sing lungguh nang ngarepe.
"Lapo? Mulih sekolah prengat-prengut ae. Gek ndang mangan," saure bapake.
"Ora luwe."
"Dingaren. Biasane gak atek diomongi wes ngentekno rong piring."
Krungu omongane bapake Wiji mrengut maneh.
"Kene lek gak gelem mangan pijeti pak'e."
"Wegah," saure Wiji.
"Gak gelem mijeti yo sesuk-sesuk pak'e wegah kerjo, turu ae enak."
"Gak gelem kerjo yo wes, ben aku karo mak'e keluwen," saure Wiji.