Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Janda Sebelah Rumah (Randa Sebelah Omah)

16 Oktober 2012   02:43 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:48 949
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13503553541578062297

[caption id="attachment_204386" align="aligncenter" width="200" caption="ilustrasi dijupuk saka ikadanewsonline.com"][/caption]

"Umpomo sliramu sekar melati, aku kumbang nyidam sari...

Umpomo sliramu margi wong manis, aku kang bakal ngliwati..."

Kiman, wong lanang umur patang puluh anyaran sing kaet dadi duda rong taun iku, ketok bungah. Raine sing ireng njrungus amarga kringeten mari macul ora ngurangi aura seneng nang njero atine. Untune sing kuning mergo kakean ngrokok pating cemlorot ben dheweke mesem. Nang mburi omah, ngisor wit pelem, mangkring nang duwur lincak karo kipas-kipas banjur nyanyi-nyanyi ngene iki rasane kaya suwarga. Opo maneh ono wong ayu sing terus nggudo pikiran, munyer-munyer nang utek.

Tresna, wuyung, ora peduli umur. Kiman sing wis ora enom maneh jebule yo ora bedo karo arek sekolahan lek pas ngene iki. Wis seminggu luwih dheweke ngrasakno ono sing liya nang njero atine saben nyawang Rusmini, tanggane. Sapa sing ora kenal Rusmini? Wong wedok manis ginuk-ginuk sing durung ono rong minggu mulih saka Hongkong iku ketok selot ayu. Kulite sing biyen ireng saiki resik masio yo ora malih putih. Randa pegat iku mbalik nang kampunge amarga wis entek kontrak kerjone.

Kaet cilik kelara-lara. Rabi oleh setaun ditinggal minggat bojone sing kecantol wedokan liya garai wong wedok iku nekad dadi TKW. Setaun wingi bojone sing wis ora genah panggone moro-moro ngirim surat pegat nang omah. Rusmini sing lara atine selot jejeg tekade. Rong taun dadi babu nang negarane wong dibelani. Ben sasi ora tau lali ngirim duit nggo emak bapake. Omahe sing wis doyong dibenakno. Pak'e ditukokno sapi karo wedhus. Pingine ati ora mulih ning emake sing mung duwe anak siji, dheweke, ora kuat ngempet kangen. Anak wedok siji kok kesio-sio, pikire mak'e. Duwit piro ae digoleki ora bakal ono enteke, ngunu pesene mak'e sing akhire garai wong wedok iku mulih.

"Wong ayu, gelemo dadi bojoku..." Kiman ngomong dhewe karo ngguyu-ngguyu.

Ora marem mung mbayangno rupane Rusmini, Kiman nyandak hp-ne. HP merek cino sing ono tipine iku langsung diutek-utek.

Duh wong ayu, opo sliramu ora kroso. Solah bawamu, tak gatekke sabendino...

Kiman ng-update statuse nang Facebook njupuk sak baris lirik saka lagu jawa sing dirasa pas karo isi atine saiki. Ora let suwi wong lanang iku mesem-mesem dhewe. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

Rong minggu nang omah akeh crita digowo Rusmini. Ben tanggane teka mesti dicepaki jajan banjur dheweke ditanggap, ditakoni pengalamane nang luar negeri. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun