"Gak pingin blajar numpak montor ta?"
"Lapo? Sampeyan wes bosen ta ngeter-ngeterno aku?"
Diman karo Wiji kaet mulih saka acara kawinan tanggane nang gedung. Ora ujug-ujug lek Diman takok nang bojone perkara blajar numpak montor. Sing jenenge Wiji, kaet jaman sepur lempung nganti saiki paling anti lek kon nyetiri montor. Penggaweane nggandol nang mburi alias dadi penumpang.
"Yo gak. Sopo ngerti mene-mene butuh lunga tapi gak onok sing iso ngeterno."
"Yo numpak bemo, bis yo akeh."
Lek wes ngunu saurane, mending ditinggal turu. Wiji dhewe dudu ora pingin, asline ngunu wedi. Ojo'o kon nang ngarep, nyetiri, dibonceng ae lek disalip montor liya sing luwih gedhe atine wes tratapan.
"Gak numpak montor, Pak?"
"Gak, mlaku ae."
"Nggarap takane sopo?"
"Kursine Lik Saiman."
Wiji manthuk-manthuk. Mari bojone budhal, wong wedok iku nerusno penggaweane ngresiki omah. Anake, Tomin, dolan nang omahe Mbahe. Cedhek omahe Wiji ono lapangan sing rada amba. Biasane arek-arek cilik lek sore padha bal-balan nang kono. Enake urip nang kampung, sik ono lemah karo ijo-ijoan. Masio ora patio amba, mergo wes diemploki ngge perumahan karo mal-mal, ning sik iso ngge dolanan arek-arek.