Wis meh setahun pandemi, durung ono tanda lek bakal ndang mari. Uripe Diman karo anak bojone ora beda karo tonggo-tonggone, selot abot. Dadi tukang kayu, gaweane Diman mejo kursi, kadang nggarap lemari, sak onone. Ben isuk budal, mulih sore, ora ono bedane lek sregep. Bedane mung olehe duwit, selot seret mergo gawean selot sithik.
Ojo'o dingge tuku mejo kursi utowo ndandani lemari, dingge mangan ae angel. Diman wis biasa ngadepi ngene iki, jenenge kerjo dhewe. Ning wong lanang iku ora sambat, masio kadang yo rodo mumet. Mugo-mugo ndang mari, ngunu dungane ben dino. Sing penting pancet sregep kerjo. Rejeki ngko lak ono ae.
"Tumben gak rokokan, Pak?" takone Wiji nang bojone.
Diman sing lagek leyeh-leyeh nang teras nampani gelas kopi saka bojone.
"Gpp, rodok watuk mau."
"Yo gak usah ngopi sik. Tak gawekno wedang jeruk ta?"
"Gak usah, iki ae."
Wiji mlebu maneh. Wong wedok iku ora takon maneh. Anake lagi nang ngarep tipi, ndelok kartun. Arek lanang iku wes suwi ora mlebu sekolah, koyo kanca-kancane. Sekolah kabeh soko omah, nggawe henpon. Sasi ngarep arek lanang iku mlebu SD. Sekolahe wes  oleh kaet kapan kae.Â
"Mak, seragamku wes dadi?"
"Uwes. Kan oleh dadi soko sekolah, gak usah atek njaitno."
"Wes dijupuk?"