"Pak, kancani ngising."
Lagi enak-enak rokokan karo ndelok tipi Diman diceluk anake. Arek cilik iku kroso ngising bengi-bengi. Ora wani nang mburi dhewe, Tomin njaluk dikancani bapake.
"Karo Mak'e," Diman sing wes enak lungguhe aras-arasen ngalih.
"Emoh, ngko dikon cepet-cepet."
Wiji sing yo lagi ndelok tipi mlerok nang bojone. Wong wedok iku yo lagi males ngadeg. Wong wedok iku seneng pas anake nyauri lek ora gelem dikancani dheweke. Wiji mesem, menang. Ora ono pilihan, Diman akhire ngadeg.
"Ditutup," omonge Diman nang anake.
"Emoh. Ngko Pak e ngalih."
"Gak. Pak e lungguh kene."
"Emoh."
Ora kenek dikandani, Diman ngalah maneh. Tomin ora gelem nutup lawang WC. Anak lanang iku wedi lek ditinggal ngalih bapake, koyok emake lek pas ngancani. Jenenge Wiji, ora iso meneng sediluk. Masio wis diwanti anake ora oleh ngalih lek lagi ngancani ngising, wong wedok iku mesti ae ngilang. Embuh nyandak korahan, embuh moro nyapu-nyapu, garai Tomin mangkel.
Wis ono seprapat jam Tomin ora ngalih-ngalih. Diman sing mau meneng ae mulai kesel. Rokoke wis entek. Ning pas wong lanang iku kate ngadeg anake kroso.