Sakdurunge kerjo nggarap kayu koyok saiki, gawe mejo, kursi, lemari, sak onoke, Diman tau kerjo dadi kuli bangunan. Wong lanang iku yo tau kerjo nang pabrik. Sing terakhir iki sing nggarai dheweke iso ketemu Wiji, bojone.
       "Leren sik, Man, rokokan kene lho."
       "Wis mari iki."
       "Sik kurang mang menit, lapo kesusu?"
       Istirahat nang pabrik karyawan dikei wektu sak jam mulai jam rolas nganti jam siji. Lek Jumat, istirahate maju, jam setengah rolas nganti jam setengah siji. Sabtu mlebu setengah hari, nganti jam setengah loro. Minggu karo tanggal abang libur.
       "Rajin-rajin yo dingge opo, Man, gak bakalan diundakno gajine."
       Pabrik nggone Diman kerjo nggarap pesenan wesi, macem-macem. Mulai soko wesi tiang dingge nyuplai pabrik liyane nganti peralatan rumah tangga. Karyawane lumayan akeh, meh satusan. Wayahe istirahat mesti rame. Ora kabeh iso istirahat bareng, kadang digawe shif, ning jam mlebu karo mulihe pancet podho.
       "Lha iyo. Kate rajin, kate males yo gajine podho. Wis limang taun nang kene yo ngene-ngene ae."
       "Yo metu ae, Cak, lek gak pingin ngene-ngene ae."
       "Ho oh. Aku wis kaet kapan iko mikir kate metu, golek gawean liyo, ning gurung oleh."
       "Dodolan ae, usaha dhewe. Lek melu uwong ngko yo ngene ae. Bedo nggon, sisteme podo ae. Jenenge buruh, mesti kalahe."