Nang kosane Wiji, Nonit langsung mapan nang nduwur kasur. Arek wedok iku sik mbedodok atine.
       "Embuh. Opo ae salah sing tak lakoni. Paling asline mangkel aku nolak Trimo wingi."
       "Ouh. Lha kan areke wes rabi tho?"
       "Yo iku, selot mangkel ketoke."
       "Ya wes, dijarno sik. Be'e wong tuwamu oleh omongan gak enak."
       "Ketoke ngunu. Lha mosok jare aku dirabi gak gelem, mbareng ditinggal tak tangisi. Lha sopo sing nangisi. Aku lho gak seneng Trimo. Lagian sik kaet ae kenal kok langsung njaluk rabi. Iyo lek nggenah."
       "Kok iso wong tuwamu mikir awakmu nangisi Trimo?"
       Nonit mbenakno bantal. Arek wedok iku yo mbenakno posisi ngletake.
       "Koen ngerti, Ji, bojone Trimo iku senengane ngece aku. Iku sing nggarai aku mangkel."
       "Ngece? Emange awakmu kenal?"
       "Lah, Reni kae lak koncoku SMP. Dipikire aku seneng karo bojone. Lek seneng lak yo tak tampani wingi, nyatane yo gak."