Tomin sing durung nemu sopo uwong sing nang foto selot penasaran. Arek lanang iku neleh foto nang krenjang sepedae trus budal dolan.
"Pak, radioku mati."
Wiji sing mau nang mburi moro mecungul nang ngarep omah.
"Yo wis kesel iku. Leren sik," saure Diman.
"Gurung ditontok kok wes komentar," Wiji protes.
"Yo wis jelas. Wong ben dino mbok keloni ngunu, mumet iku."
"Halah. Tontoken diluk ae lho, Pak."
Wiji sing wis nyekel radione, mekso bojone mbenakno radione sing suwarane grak-grok, ora apik koyo biasane.
"Pijeti, sik."
"Nang ndi-mdi ki kerjo sik kaet njaluk bayaran. Dicek ae gurung wis njaluk upah," Wiji protes nang bojone.
Diman nyawang bojone sing sik nyekel radio. Radio transistor lawas, bentuke kotak, wernone ireng. Radio tinggalane emake Wiji. Jaman semono, Wiji sik urip nang ndeso karo bapak emake, radio iku wis dadi kesayangane. Biyen cilikane Wiji, emake biasa ngrungokno sandiwara radio. Masak, umbah-umbah, lapo ae kegiatan nang omah, radio ora tahu mati.