"Ndang, ojo dolenan banyu ae."
Isuk-isuk koyok biasane, Wiji mbengoki anake sing lagek adus. Karo nggoreng tempe, wong wedok iku diluk-diluk ngilingno anake sing nang njero jeding.
"Onok tamu lho dino iki, ojo telat."
"Tamu opo, Mak?" takone Tomin saka njero jeding.
"Tamu Pak Polisi. Lali ta wingi diomongi opo karo Bu Guru?"
"Eh iyo. Sik diluk engkas."
"Uwis. Lek kate dolenan ngko awan ae mulih sekolah. Ndang mentas."
Dibengoki emake, eling lek diwanti gurune sekolah ora oleh telat, Tomin sing mau lagek adus karo dolanan mobil-mobilan ndang nyandak anduk. Masio sik TK, Tomin saiki wis selot pinter lek adus. Gelem budal adus dhewe. Masio lek lagek kumat yo njaluk diadusi emake.
"Bajune opo, Mak?"
"Kae sing ndok ndukur kasur, biru."
Tomin mlayu nang njero kamar. Arek lanang iku yo wis iso klamben dhewe. Bapake sing lagek serbet-serbet montor mung nyawang diluk saka teras omah. Mari lek nggoreng lawuh dingge anak bojone, Wiji nginguk Tomin sing sik umek nang njero kamar.