Wiji gedhek.
"Meteng?"
Wiji sing sik aras-arasen langsung menteleng krungu pitakonane bojone. Ning wong wedok iku yo sik ora nyuwara, meneng ae. Diman sing mau mung lungguh pinggir kasur melu ngletak.
"Turu enak ya?"
Jam pitu luwih seprapat, Wiji melek mergo anake kroncalan. Arek lanang iku kebelet pipis. Ora nunggu emake, Tomin tangi trus mblayu nang jeding. Masio sik arek, Tomin wis pinter. Arek lanang iku ora tau ngompol. Wiji wis mbiasakno anake iku nguyuh nang jeding. Sak durunge turu yo kon nguyuh dhisik.
"Mak, maem."
Mari nguyuh Tomin njaluk mangan. Biasane yahmene nang mejo wis cepak panganan. Lek ora sego goreng yo mesti ono tempe opo endog goreng. Ning mergo isuk iki Wiji sik mlungker, nang mejo makan sik resik.
"Anake luwe kae," Diman sing wis tangi ngomong lirih nang bojone.
Sing dijak omong sik macak watu. Ndelok bojone ora biasa, Diman akhire tangi. Wong lanang iku ngajak anake nang mburi. Masio ora pinter masak, ning lek nggoreng endog opo masak mie Diman yo iso.
"Emoh Pak'e, karo Mak'e."
"Podo ae, Pak e yo iso nggoreng endog."