Jam enem isuk, omahe Wiji sing biasane wis rame isuk iki anteng. Wiji sing biasa tangi subuh, isuk iki ora krungu suwarane blas. Bojone, Diman, kaet nglilir. Wong lanang iku molet karo angop. Masio matane sik durung amba, wong lanang iku ngroso lek sebelahe sik ono uwong. Ora mung anake, bojone sik mlungker.
Kebelet nguyuh, wong lanang iku akhire tangi. Sarunge digulung, along wong lanang iku budal nang jeding. Mari nguyuh karo ngising, Diman mbalik maneh nang kamare. Anake lanang wis tangi, ning arek lanang iku meneng ae. Nang sebelahe emake yo ketok wis tangi ning sik merem. Ngerti anake melek, Wiji ngeloni anake. Wong loro iku akhire turu maneh.
Diman ngukuri gundule. Ora biasane bojone turu yahmene. Biasane durung azan subuh mesti wis tangi. Umbah-umbah, masak, opo ae wis dicandak. Wis ora iso turu, Diman mbalik nang mburi, pawon. Wong lanang iku gawe kopi.
Ora minggu ning Diman lagi ora ono garapan. Ndelok bojone durung metu saka kamar, wong lanang sing wis ngentekno kopi sak gelas karo rokok rong uthil iku mlebu kamar.
"Mak..."
Sing diceluk ora nyauri, sik merem.
"Lara ta?"
Ora mung nakok, Diman ndemok bathuke bojone. Ora panas, biasa ae.
"Nesu?"
Ora lara, ketoke. Ora biasa meh jam pitu sik ndekem ngeloni anake nang kamar, Diman mikir opo bojone lagi nesu. Wiji mbuka matane. Kriyip-kriyip wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh pinggir kasur.
"Awake gak enak?" Diman takon maneh.