[caption caption="Portrait Seorang Penari karya Basuki Abdullah"][/caption]
“Yok opo, Las, ojo suwi-suwi mikire hehehe…”
Lastri sik meneng.
“Koen wedi karo bojoku ta? Tenang ae, aku wis ngomong kok.”
Pak RT sing kapanane moro nang omah, nembung kate ngrabi Lastri nang emake saiki moro maneh, nembung dhewe.
“Opo koen wedi karo Ratna? Kae ngunu gak usah mbok pikir, arek tukang njaluk duwit koyok Ratna kae pokok sangune gak dikurangi yo gak bakal protes.”
Pak RT sik ae mesam-mesem. Emake Wiji sing ngrungokno soko kamar karo ngeloni putune ora nyuwara. Wong wedok iku mung iso ngelus dada, nelongso ndelok nasibe anak wedoke iku.
“Mboten, Pak.”
“Mboten apane?”
“Belum pingin nikah lagi.”
“Loh, lha lapo? Koen sik enom, ojo ngrusak awakmu dhewe. Koen nduwe hak bahagia, Las.”