[caption id="attachment_214920" align="aligncenter" width="260" caption="dijupuk saka lik Google"][/caption]
"Min, sinau kono. Gak onok PR ta koen iku?"
Wiji sing kaet adus mbengoki anake sing lagek glundang-glundung nang ngarep tipi. Awan mau mulih sekolah arek lanang iku mangan trus turu. Tangi-tangi ora ndang adus malah nonton tipi. Ora ngalih-ngalih kaet Magrib.
"Min!"
Ora disauri, Wiji mbaleni lek mbengoki anake.
"Sik ta lah mak. Lagian adem, gak adus aku."
"Sinau! Bah koen adus opo gak, cakoti nyamuk yo rasakno dewe, penting sinau. Rupa koyok budeng kon adus angel sisan."
Nang kamar karo ganti klambi Wiji terus ae ngomeli anake. Sing diomeli ora gelem ngalih, pancet mentelengi tipi. Diman, bapake, sing lagek teko meneng ae. Wong lanang iku bablas nang pawon nggoleki wedange sing biasane wis dicepakno karo bojone.
"Deloken iku pak, anakmu, koen sinau angel. Iyo lek pinter ngunu, wong gobloke gak ketulungan ngunu," Wiji sing ngerti bojone wis mulih langsung wadul.
"Sinau koyok opo ae yo pinterku mung sakmene mak, gak iso dipekso. Arek iku pinter gak diturun soko mak'e. Masio ta sinau ben dino sampek dibelani gak turu," saure Tomin.
"Iku lak alasanmu. Ancen dasare kebluk ae, males."