[caption id="attachment_201877" align="aligncenter" width="578" caption="ilustrasi koleksi pribadi"][/caption]
Masio ora kepekso, masio wis biasa, iso nrimo ora brarti lek Narti ora tau kangen omah, kangen mamah papahe. Jenenge ae anak tunggal, siji-sijine, masio kerep tukaran karo mamahe amarga ora cocok pikiran karo kepinginane Narti sadar lek mamahe sayang dheweke. Patang taun luwih urip karo Paijo, pisah karo mamah papahe, Narti sik kerep kangen masio biasane ora diduduhno, dislimur dhewe.
Kaya dina iki. Kaet tangi Narti langsung umek ngurus omah, kaya biasane.
"Mak, adek mimik," omonge Ndemin 1 sing lagek nang njero bak, adus.
"Gak, wong wes wareg kok. Ojo dijaraki, jarno dolenan bebek-bebekane iku," bengoke Narti saka pawon.
"Gulung wareg. Iki lho areke njaluk mimik, tak jaluk gak oleh," Ndemin 1 bengok maneh.
Krungu saurane Ndemin 1, Narti langsung metu marani anak-anake nang pinggir sumur. Ndemin 2 nggandoli jebor sing kate dijaluk mas'e. Arek loro iku rayahan. Ndemin 2 sing durung iso ngomong, durung jelas ketok nesu karo ngomel-ngomel gawe boso sing mung dheweke sing ngerti artine.
"Deloken ta mak, gak oleh iku lho tak jaluk. Kaet mau wes mimik akeh sik gulung wareg ae."
"Oalah Min...Min, lak kembung adekmu ngko. Ayo mentas ae," omonge Narti.
"Adek ae, atu ngko ae."
"Kabeh. Mak'e kate nerusno masak, tunggonono adekmu."