Paijo sing kaet mulih kerjo ndelok rame-rame nang omahe Paini melu mampir. Bareng ngerti masalahe wong lanang iku mlebu.
"Wes mas, gak enak karo tonggo. Sakno anakmu sisan. Delok kae nangis nang kamar dijarno ae. Tomin yo ngguguk nang mburi omah kae," omonge alon nang Pak'e Tomin.
"Ojo melu-melu. Wong wedok koyok ngene iki gak iso dijarno ae, nglunjak wisan!"
"Gak melu-melu mas tapi mbok yo diomongno apik-apik. Ngene-ngene iki yo mak'e anak-anakmu, bojomu."
Mari Paijo mlebu, wong-wong sing mau mung nang njaba siji loro melu mlebu. Salah siji wong wedok nyedeki Paini trus ngewangi wong wedok iku ngadeg. Dituntun Paini mlebu kamar. Pak'e Tomin sing mau emosi saiki rada mudun. Paijo ngajak wong lanang iku lungguh.
"Lha iyo Jo, kurang opo aku iki cobak? Mben dino kerjo ngge anak bojo, mbarang-mbarang dituruti kok malah kecantol lanangan liyo. Loro atiku."
"Sabar sik mas, gurung mesti koyok ngunu. Digenahno dhisik. Wong rumah tangga iku lak kudu iso komunikasi sing apik ta, gak langsung maen tangan koyok ngunu."
"Mangkel aku, Jo. Gak ndelok awake koyok opo. Anak wes loro, ayu yo gak, pinter opo maneh. Isone mung njaluk duit, ngrengik. Dipikire aku rugi ngunu ta lek de'e lungo, gak blas. Malah seneng aku."
Akhire Paijo ngancani wong lanang sing lagek lara atine mergo nemoni bojone selingkuh. Sakjane yo ora iso diomongno selingkuh wong durung genah perkarane. Paini sing wingi mari melu pelatihan limang dina nang kecamatan ngesiri salah siji petugas pelatihan. Wong wedok sing wis oleh nomer telepone langsung smsan. Mulane mung alasan pingin nakok perkara pelatihan sing wis dikekno, suwi-suwi teka ndi-ndi. Ndilalah isuk mau kok ketemon bojone smse.
Nang omah, Narti sing lagek mari lek resik-resik omah lungguh nang pinggir kasur karo ndodomi suwale bojone sing bolong.
"Mak'e..."