"Karepmu saiki opo? Njaluk pegat, heh?"
Paini nangis. Wong wedok iku ora nyauri bojone.
"Kurang opo aku iki mbelani koen? Jaluk opo-opo ditukokno. Panganan, sandangan ora tau kurang. Wong wedok kok gak onok cukupe."
Tomin nangis karo gandolan mak'e. Arek cilik iku wedi ndelok bapake ngamuk-ngamuk. Adike nang kamar yo nangis ning dijarno karo wong tuwane.
"Saiki opo alasanmu, heh? Gurung ditukokno speda montor? Mbok pikir lek koen gelem karo lananganmu iku trus langsung ditukokno speda montor? Yo njajal kono. Anak wes loro, pengawean nesu ae, tukang njalukan, opo mbok pikir iso betah wong lanang karo koen. Jajal kono, aku pingin nontok. Pirang suwi kuat ngladeni koen."
Tomin sing ora kuat ndelok mak'e nangis karo ndelok bapake sing kaya wong kesetanen mlayu metu. Arek cilik iku mlayu nang mburi omah trus njogrok karo nangis.
"Delok kae anakmu. Gak sakno koen karo anakmu?"
Paini sik meneng. Wong wedok sing biasane tukang ngomel iku meneng cep, ora iso omong. Atine lara, ora mung mergo omongane bojone ning yo mergo pipine abang mari dikaploki bojone. Rambute acak adul. Tangga-tanggane sing krungu ono rame-rame nang omahe mung inguk-inguk nang ngarep lawang karo sanding cendelo. Ora ono sing wani nyedek.
"Ayo, lapo meneng ae? Ngroso salah koen saiki? Nyesel? Wong wedok dijarno ae kok malah nglunjak, gak ngajeni wong lanang."