Mohon tunggu...
Revanza dwi Panduita
Revanza dwi Panduita Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

haiii, aku reva🥰 ikan hiu makan tomat, semoga selalu sehat

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Nentokne Masa Depan

22 Agustus 2023   12:19 Diperbarui: 22 Agustus 2023   12:26 78
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Ing sawijining esuk, Septya murid sing nembe lulus SMP, lagi lungguh nyawang layar internet nggoleki sekolah SMA ing sakubenge kuthane. Dheweke nembe lulus SMP lan bakal nerusake menyang jenjang sing luwih dhuwur. Wiwit lungguh ing SMP, Septya lan kancane Astrid wis semangat banget anggone ngrancang lan mbayangake masa depane ing SMA. "Wah, mengko SMA kudu padha sekolahe, supaya bisa bebarengan maneh," ujare Astrid.

  Dina iku, dina sing kudu nemtokake pilihan SMA kanggo masa depan. Dheweke duwe tujuan sekolah sing padha, yaiku SMA SOPA. Sekolah sing dipilih iki dikenal sekolah favorit, bergengsi lan angel dileboni. Nanging pilihane ditentang dening wong tuwane. "Kok mesti sekolah sing adoh-adoh, apa ora ana sekolah sing apik cidek kene?". pitakone wong tuwane Septya. Wong tuwane padha kuwatir amarga lokasi SMA sing dipilih ana ing tengah kutha sing rada adoh saka omahe. "Nanging akeh lulusan sekolah kuwi sing unggul lan lulusane nduweni biji apik damel mlebet kuliah," jlentrehe Septya. Akeh debat sing kedadeyan ing antarane wong tuwane. Lan pungkasane, dheweke isih milih SMA SOPA minangka pilihan siji, lan ana 2 pilihan liyane.

  Nalika woro-woro kasebut ana dheweke pada kaget. Amarga ora ana sing ditampa ing SMA SOPA sing dadi pilihan pertama. Septya ketampa ing pilihan kapindho sing ora disangka-sangka, dene Astrid durung ketampa ing telung pilihane, dheweke milih sekolah sing diputusake wong tuwane lan kudu nyoba dalan liya. Dheweke kudu pisah lan sekolah ing sekolahe dhewe-dhewe. 

Sawise semester siji, Septya kudu pindah sekolah amarga ngetutake wong tuwane. Septya jengkel, amarga kudu pindah sekolah lan adaptasi maneh menyang sekolah anyar. Nanging ora dinyana-nyana ing sekolah anyare, akeh sing narima dheweke kanthi semangat, lan disambut kanthi seneng banget. Septya rumangsa kepenak lan seneng karo sambutan sing diwenehake.

Sanajan Astrid lan Septya ora ditampa ing sekolah sing diimpi-impiake. Nanging ing panggonane kasebut dheweke padha nemu kebahagiane ing panggonane dhewe-dhewe. Astrid sing seneng karo kesibukane dadi anggota organisasi lan Septya sing seneng duwe kanca anyar sing bisa nampa dheweke.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun