Ing wayah dina minggu, wulan Juli, aku karo bapakku budhal menyang Bromo.
Kabeh mulane ing dina Jumat, bapakku ngajak aku mlaku-mlaku mergo bapak, ibuk, lan adhikku sektas mulih saka mlaku mlaku keliling Bandung. Aku ora iso melu amarga isih onok sekolah lan kegiatan liyane. "Mumpung sesuk akhir pekan, ayuk mlaku mlaku" dhawuh bapakku. Aku isih mikir, kiro-kiro aku onok acara opo gak yo? Akhir e aku kepikiran pengen mlaku nang Roma utawa Rombeng Malam ing daerah Malang. Tapi sakwise tak pikir-pikir lan ndelok panggon e saka Google, aku ora sido pengen mlaku mlaku nang kono.
"Wes suwi yo aku gak mlaku-mlaku ndelok alam lan ijo-ijo" aku mbatin ing njero atiku. Akhir e aku ngomong nang bapakku "Pak, pripun menawi kita plesir menyang Bromo?"
"Boleh, bapak yo wes lama gak budhal menyang Bromo"
Bapakku lan aku ngrencanakne gae budhal ing dino Minggu awan-awan. Mulane aku pengen budhal bengi supaya isok ndelok srengenge terbit, nanging bapakku ora setuju amarga mesthi rame. Piyambake milih budhal awan ben tekan kono wektu sore dina kang ora pati panas nylekit nanging langit lan sesawangane isih ayu. Ing dina setu aku isih numuti adicara sekolah lan nembe siyap-siyap wektu minggu esuke.
Minggu esuk, aku tangi kari lan nembe siyap-siyap ing wektu pinuju awan. Bapakku wis mulai gregeten amarga aku tangi kerinan. Jam nuduhake jam 12 lan aku isih durung rampung siyap-siyap. Yen wes wayahe jam 2, aku lan bapakku sektas budhal menyang Bromo. Ing dalan bapakku nesu amarga lelampahipun ngentekake kurang luwih 2 jam lan awake dhewe isok tekan wayah maghrib. Aku lan bapakku meneng-menengan ngantos sepalih perjalanan, enggal kawontenan wiwit cair lan kita gineman. Bapak nyetir montor kalih enggal lan ati-ati, supados kita tetep dumugi leres wekdal.
Langit semburat abang, angin isis, lan padang ijem saking ujung dhateng ujung. Iku sesawangan kang nyambut awakdewe ing Bromo tabuh 4 sonten. Bromo wayah iku sepi lan sejuk. Masio terlambate budhal, jebul ana berkah piningit amatgo awake dhewe nyampe pas wektu pinuju matahari sumurup lan swasana sepi. Aku lan bapakku numpak mobil Jeep lan kepanggih bapak-bapak numpak Vespa. Aku foto-foto ing ngarep mobil lan sesawangan e. Bapakku melu foto-foto, sakwise iku kito banjur nerusake blusukan area kawah Bromo.
Isih ing padang pasir kang jeneng e "Pasir Berbisik" aku lan bapakku mandhek amarga onok sesawangan Kawah Bromo kang ngetokake kebul lan langit semburat abang. Aku karo bapak meneng lan nggumun sesawangan kan Masyaallah apik e. Bapak uga ngajari aku kanggo njajal nyetir Jeep.
"Ayo ndhuk, sinau nyetir mobil". Aku nyetir mobil Jeep e Bapak saking ujung dhateng ujung "Pasir Berbisik"
Tansaya wengi tansaya peteng, aku lan bapakku mutusake kanggo balik menyang loket tiket. Ing perjalanan balik, aku lan bapakku nyasar ing padang rumput. Peteng lan sunyi, ora onok montor liyane. Aku lan bapakku meneng-menengan, bapakku nggolek dalan lan aku ndungo. Muter-muter pirang menit, akhir e aku lan bapakku ketemu pick-up liwat, banjur melok I arah e pick up.
Alhamdulillah aku lan bapak akhir e sampe pos sawatawis 30 menit kesasar ing laut pasir. Aku lan bapak langsung golek musholla gawe sholat maghrib. Bodo sholat lanjut mangan mie lan pecel ing warung cedhak pos loket, sisan ngabari ibu ing omah. Aku cerito ibu menowo wes perjalanan mulih arah omah. Aku lan bapakku marekne maem lanjut perjalanan mulih. Sadowone dalan mulih aku karo bapak nyanyi bareng, nutup Minggu seru bapak anak ing Bromo.