Mohon tunggu...
Rana Wirdanugraha
Rana Wirdanugraha Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

GA BAHAYA TA?

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Pesantren Ramadhan 2023 SMA Negeri 3 Malang

22 Agustus 2023   20:21 Diperbarui: 22 Agustus 2023   20:29 33
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

   Sasi puasa yaiku momen kanggo wong Muslim nglakoni rangkaian ibadah ing dinten ramadhan. Ing waktu iki, sawijining wewaton kang akeh nglakoni yaiku "Pondok Ramadhan". Pondok Ramadhan yaiku wewaton kanggo wong-wong kanggo ngaji lan amal soleh nalika sasi puasa. Nanging, Pondok Ramadhan ora cuma tempat ngaji lan amal, nanging uga minangka ajang sosialisasi lan silaturahmi antar wong-wong kanggo nambah ukhuwah Islamiyah.

   Kanggo ngisi kagiyatan keagamaan ing wulan Ramadhan, SMA Negeri 3 Malang ngadaake kagiyatan Pesantren Ramadhan kang diadaake tanggal 27 nganti 29 Maret 2023 kang diikuti kabeh siswa SMA Negeri 3 Malang. Acara kang nduweni tema “Tingkatkan Kualitas Akhlak Diera Digital” iki nduweni maksud usaha kanggo ndandani lan nglindhungi etika, moral, lan wicara kang apik nalika nganggo teknologi digital lan media sosial.

   Kagiyatan kang diadaake ing wulan Ramadhan iki diisi karo kagiyatan keagamaan macem-macem yaiku, sholat dhuha, dzikir, dungo bareng, mbayar zakat, nyerahake zakat, kajian keislaman utowo ta’lim, ngaji Al-Qur’an, fun games, lan awarding. Ing Pesantren Ramadhan, ora mung ngajari bab agama, nanging nglatih para siswa kanggo ngadhepi cobaan ing urip. Ana program ta’lim yaiku kagiyatan ngajari babagan agama saka guru nang murid kang melok kagiyatan Pesantren Ramadhan. Selain ta’lim onok kagiyatan ngaji Al-Qur’an yaiku kanggo ngembangake hubungan kita marang Allah lan nambahi iman uga keteguhan ati. Supaya  iman kita bakal dadi kuwat lan ora gampang goyah.

   Selain saka ngaji, Pesantren Ramadhan uga ngleksanakake amal soleh, kanggo nggawe para siswa saget nampa manfaat saka sasi puasa. Pesantren Ramadhan ngajak para siswa kanggo nglaksanaake amal-amal kang lumrah dilakoni sajroning sasi puasa, kaya menehi sedekah utawa zakat. Zakat yaiku kagiyatan nyisihno harta kang didapetake banjur diwenehi kanggo golongan kang berhak nerimo. Ing wayah saiki kabeh kebutuhan podo larang kabeh, kagiyatan Pesantren Ramadhan iki diharapake saget menehi sumbangsih kanggo wong-wong sing kesulitan ekonomi lan butuh uluran tangan.

   Ing akhiripun, Pesantren Ramadhan minangka simbol kanggo kekompakan, kedamaian, lan ibadah ing bulan suci. Iki dadi sarana sing apik kanggo para siswa tetep dekat karo ajaran agama Islam lan nglatih kesabaran uga kedisiplinan, kagiyatan Pesantren Ramadhan bakal nambahi amal lan kebaikan kita, lan nglatih para wong kanggo nglakoni ibadah ing saben aspek urip uga ngimbangi antara kemajuan materi lan spiritual.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun