Sopo sira sopo ingsun, saiki lagi ngetren. Ana istilah “senggol bacok” nang masyarakat. Miturut Serat Nitisastro jaman saiki wis kalebu jaman Kaliyoga. Jaman wong sing pada nyembah dunya, ora mung panguwasa thok, politisi, intelektual, malah wong awam pada timundak sak karepe dhewek. Bener-bener jamane wis petheng.
Angkara murka wis dadi pepaese dunya. Iku tanda yen filosofi kabendan wis dadi wujud asline, istilah keren-e hedonisasi. Filosofi budi pekerti sing kecantel moralitas wis ora bisa dadi ugeman. Saiki sosok idaman wis manglih rupa. Hero saiki dudu sing santun, jujur, polos lan lugu. Nanging sing sangar, bangor lan pecicilan. Gegaman sesangkan apik maring sapadha-padha, uga wis ilang. Anane mung curiga thok.
Saiki sing diormati lan disunggi-sunggi, wong sing sugih, sing jaim, sing katon kuwasa, apa maning dhuwe gaman.
Wong saiki gampang songaran. Timbule watek bebrangas iku saora-orane didorong musabab loro. Pertama, keropose nilai luhur sing lekat ning bangsa iki. Keloro, ukum sing wis bisa digawe-gawe, kaya sisih lading sing landhep mengingsor, nangin ketul mendhuwur.
Ditambah mane keterbukaan informasi, anane berita-berita bajingan sing wis gerogoti duwit negara, yaiku koruptor sing dadi borok jijeni. Ora pantes dadi tulada.
Contoh sing elek kuwi mau dadi sandakala tuladane nasional. Katuladan sing wis dicontohake wong-wong tuwa biyen ilang babar blas. Ugeman wong tuwa sing mbabar menungsa sing utama, iku sing sederhana, jujur, ora sombong, nrimo ing pandum, akeh amale lan ngibadah. Kaya bayu sing keserep srengenge.
Bocah-bocah dicekoki contoh koruptor. Akeh elit politik mlebu kunjara, cengengesan ora idep isin mlebu tivi. Kunjara ora gawe jera, malah kanggo koruptor kunjara kaya hotel wae. Dikunjara bisa dituku mung pirang wulan. Sawise kuwi dunya rampokan bisa dipangan saanak putune.
'Tulada ayar' iki nonggol ana tivi kaya film opera sabun wae. Manungsa kaya wis ora kenal agama. Tulada iku wis diganti karo sosok sing seneng tipu-tipu lan seneng bebodo. Panguwasan sing seneng obral janji, tapi ingkar janji. Saiki dele sesuk tempe. Wong-wong sing ngolet pangan saiki ora wedhi dosa, sakepenake dhewek anggo nyolong timbangan, kaya-kaya wis dadi lumrahe. Dosa kaya wis tinggal playu.
Tumindak korupsi kuwi wis ora dadi aib. Kunjara uga wis dianggep kaya taman wisata. Iku sebabe saben dina sidang korupsi terus nongol nang tivi. Koruptor pada pinter silat lidah. Ngrasa bener dhewek. Ngrasa perkasa dhewek, hebat, lan sok suci. Apa maning bisa mbayar pengacara kondang, kaya-kaya ora wedhi dadi persakitan.
Urip wis kebak ambisi, sikap pantang nyerah karo 'takdir' iku wis diracuni. Sikap santun lan terpuji wis kikis, ganti klambi wujud mimpi-mimpi buaian setan. Pengin sugih sonder makarya, pengin kuwasa sonder rekasa. Polusi pikiran iki wis ngambah perasaan lan dadi ekspresi. Dadi ora usah eram, yen saiki akeh wong sing pada sombong, angkuh, lan arogan.
Yen kaya kiye apa penangkale ? yaiku penangkal 'tulada elek' iki sabenere wis ana, yaiku 'ukum wesi” kudu dijejegake. Ukum wesi iki bisa gawe ngegiris ati lan bisa gawe kapok. Anggere ukum ora bisa diwolak-walik. Ora ana rumusan sangsi entheng, atawane putusan bebas anggone wong sing korupsi. Yen ukume antheb kaya ngono korupsi bakal “merat” saka negara Indonesia. Yen ukume entheng. Wong sing kuwasa tetep pada kegoda klakoni korupsi. Sebab sapa sing ora doyan dunya, lan urip kepenak, Sopo ? Kapan bisa sugih angger ora korupsi?
Sikap koruptif iki akhire kegambar maring endhi-endhi. Rakyat dheleng kuwi. Sebagian rakyat 'kepingin' melu-melu dadi koruptor. Ora ketang cilikan. Sayange, ora dhuwe kesempatan. Akhire sikap antipati karo panguwasa. Kantor pemerintahan dadi bagian sorotan sinis rakyat. Amuk lan anarki sering dadi tontonan. Reaksi ora bakal ilang anggere panguwasa tetap korup lan ukum 'berpihak' maring bajingan. Enthenge sangsi ukuman dadi sego jangan nggone koruptor, lan dadi rabuk tindak jahat.
Koruptor sing urung ketangkap esih padha antri. Jejogedan ngirup hawa bebas. Jare Anas tunggu wae, halaman-halaman sabare iki. Tinggal halaman pira sing repan dibukak, mengko kegambar sopo koruptore.
Amuk massa lan anarki mung dadi isyarat yen jaman iki kasebut jaman Kaliyoga. Jaman kang kadanen kaya ngalahake opo wae. Panguwasa, ulama, intelektual, rakyat, kabeh wis nyembah harta. Alam sing dadi panggonan bakal oyag obah ora lila. Bencana alam dadi pengeling. Banjir, longsor, karo gunung bledus kuwe Gusti Allah dangu, Kulup ayo pada eling dan waspada.
Kaya kesirat ana kitab Serat Nitisastro, 'jaman sopo sira sopo ingsun' iki gawe korban. Ora setitik sing kewirangan. Uga dijukut nyawane kanti kedadian ora lumrah, lan gawe wirang anak putune. Gusti Allah, kaya menehi weruh “tulada elek” kudu kagambar elek akhire. Kuwi petuah, sabenere wong urip kuwi aja adigang adigung ! (Turah Untung)
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H