Mohon tunggu...
Rafina Ayu Mufida
Rafina Ayu Mufida Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Mendengarkan musik

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Mlaku mlaku Menyang Universitas ing Surabaya

29 Agustus 2023   11:50 Diperbarui: 29 Agustus 2023   12:01 214
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Dina Sabtu Rina lan keluargane diundang sedulure menyang Surabaya niliki sedulure sing ana ing kono. akhire keluarga besarku mangkat sekitar jam 9 esuk. Bebarengan kita kabeh crita, mangan lan turu. Ing tengah perjalanan, mobil kita mandheg ing papan istirahat kanggo istirahat sedhela. Sawise ngaso akhire nerusake perjalanan maneh menyang Surabaya. Satekane ing omahe dulurku  kabeh didhawuhi mangan lan ngaso sedhela. 

Nalika liyane wis mangan lan ngaso, Rina diajak bapake menyang salah sawijining universitas terkenal ing Surabaya, yaiku Universitas Airlangga. Perjalanan menyang Universitas Airlangga udakara 30 menit saka omahe dulurku. Nalika lelungan mrana, rina ora yakin karo bapake yen dalan sing dilewati iku bener amarga awake dhewe liwat kampung  sing dalane rada ciut. Sakwise kuwi aku takon "yah, iki dalan sing bener?" bapakku ngendika "inggih nduk, niki dalan ingkang leres", bapak saben dinten lewat jalan niki". Akhire aku percaya karo omongane bapak yen iki dalan sing bener menyang Universitas Airlangga.

Sawise lelungan dawa, rani lan bapake tekan ing Universitas Airlangga, kampus C. Iki pisanan rina mlebu universitas airlangga seneng banget amarga iki pengalaman anyar kanggo rina mlebu universitas. Nalika mlebu, Rina weruh telaga lan gedung rektorat, sakwise kuwi bapake Rina parkir sepedane dhisik lan ndeleng fakultas liyane mlaku-mlaku. Amarga dina sabtu dadine lingkungan kampus ora rame kaya biasane.

 Sakwise kuwi Rina lan bapake mlaku-mlaku niliki fakultas ing kampus c. Pranyata ing kampus c ana fakultas farmasi, fakultas kesehatan masyarakat, perikanan lan fakultas kelautan. Sakwise mlaku-mlaku nyawang fakultas mau akhire rina lan bapake mutusake sholat, sakwise shola,t nyawang sendhang sedhela banjur mulih.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun