Mohon tunggu...
Amanta Pratika Septania
Amanta Pratika Septania Mohon Tunggu... Lainnya - Siswa SMAN 3 Malang

Bravo⁉️ Bhawikarsu💙❤️

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Preian Menyang Singapura

19 Agustus 2023   20:35 Diperbarui: 19 Agustus 2023   20:47 210
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

     Pas preian unggah-unggahan kelas wingi, aku sak keluarga preian nang Singapura. Aku sik kaitan nang luar negeri, mula aku seneng tenan. Sadurunge budhal menyang Singapura, aku wis nyiapke rencana mlaku-mlaku sing akeh, aku uga latihan Basa Inggris supaya ana kana ora bingung. Aku budhal teko Surabaya numpak pesawat kurang luwih 2 jam 30 menit. Nang bandara, aku kudu liwat imigrasi. Amarga aku sik pisan niki budhal nang luar negeri, aku rada gugup nanging jebule ora ruwet kaya sing tak bayangke.

     Tutuk Bandara Changi, aku sak keluargaku numpak bis nang terminal. Aku kagum banget karo tata kutha ayu lan resik ing Singapura. Bandara ing kene uga lengkap karo fasilitas, malah bisa nemokno pusat belonjo lan hiburan. Aku njupuk foto-foto sak keluarga nang akeh panggonan lan pemandangan, karo ndelok banyu terjun sing kesuwur ndek Bandara Changi.

     Ndek Singapura, aku rada bingung nggolek maeman wong jowo soale aku ora iso maem maemane wong Singapura. Terus aku nemu KFC, aku maem sak keluarga ndek kono. KFC kono podo karo sing ana ndek Indonesia. Mung wae, rasane luwih hambar lan ora ana segane, regane uga luwih larang.

     Aku mlaku-mlaku ndek Singapura, ora numpak taksi mergane ongkos taksine larang banget. Ndek dina kaitan aku teka, aku kesel temenanan. Aku sak keluargaku nggawa koper lan tas sing isine abot-abot. Sak keluargaku kudu nggawa koper sak tas e siji-siji. Sampek nggawa gawan-gawanku mlebu MRT lan uga eskalator ing panggonan umum sing diliwati.

     Kutha ing Singapura modern banget lan canggih. Aku tansah nggunakake transportasi umum menyang ngendi-ngendi. Aku uga isih duwe kartu MRT sing tak tuku kanggo ndek Singapura. MRT kene rapi banget lan resik. Ora ana wong mlaku sing nyalip-nyalip karo wong liyane. Saben uwong ndek kene manut aturan.

    Aku nginep 5 dina ing Singapura. Ing dina kaitan, aku mlaku 18000 jangka. Aku lan keluargaku angel maca peta ing Singapura dadi gelek kesasar. Nalika mlaku-mlaku, wong-wong ing kene wis rapi banget. Ndek Singapura ora ana resek babar blas sing morat-marit ndek pinggir dalan. Aku sak keluargaku nang hotel ngasuh diluk.

    Nalika ing hotel, aku entuk kabar yen kancaku uga ana ing Singapura. Akhire aku janjian karo kancaku ketemuan ing Orchard Street. Kancaku sing jenenge Ignas, arek e wis bolak-balik nang Singapura dadi ngerti banget dalane mrene. Aku ketemu lan mubeng-mubeng, Ignas uga nukokne aku es krim roti Singapura. Aku lan Ignas foto-foto bareng terus tak lebokno nang Instagram.

    Esuke, aku sak keluarga budhal nang Universal Studio Singapore. USS panggonane ndek Pulo Sentosa, aku sak keluargaku numpak sepur cepet. Jebule cuaca ing Pulo Sentosa mendhung. Untunge aku wis nggawa jas hujan. Nalika antri ing ngarep gerbang mlebu, aku entuk garis ngarep amarga aku wis budhal esuk.

Ing USS, aku nyoba akeh wahana ekstrim amarga aku wong sing seneng tantangan adrenalin. Kaitan, aku kepengin tuku tiket Fast Track supaya aku ora kudu ngantri dawa, nanging tiket e wis entek nganti sasi ngarep. Nalika aku numpak wahana, aku ketemu wong India. Aku kelingan, jenenge Priyan. Priyan ngekeki tiket Fast Track gratis sepisan amarga dheweke menang kontes hadiah sing dianakake USS.

    Aku nyoba numpak akeh wahana USS supaya aku ora rugi karo tuku tiket mlebune sing larang. Kanca-kancaku sing wis tau dolan mrene akeh sing crita yen sempet numpak wahana e mek 4. Nanging, nunggu antrian ing USS ora kaya sing tak bayangno lek antrie kudu ngenteni suwe. Dadakno ora, akhire aku numpak 7 wahana.

     Dina-dinaku ing Singapura seneng banget, nganti dina pungkasan, aku metu tuku oleh-oleh kanggo kanca-kancaku ndek sekolah. Aku nyoba tuku ing macem-macem panggonan lan iku cukup kanggo aku seneng temenan sampek lali lek wis akeh jajan sing tak tuku. Lek kanggo aku, jajanan ing Singapura iku akeh macem e, ana jajan sing ora ana ing Indonesia. Aku kangen tenan karo swasana Singapura sing tertib lan resik. Muga-muga bisa ngunjungi Singapura maneh. Aamiin.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun