Mohon tunggu...
Petrus Paryono
Petrus Paryono Mohon Tunggu... swasta -

Konsultan Independen & Trainer: Teknologi Informasi, Sistem Informasi Geografis, Penginderaan Jauh Lingkungan, Analisis Spasial.

Selanjutnya

Tutup

Dongeng

Simbah Kakung lan Putune

28 Februari 2016   14:38 Diperbarui: 28 Februari 2016   14:43 7
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

#simbahkakunglanputune 

Mbah .. mbok njenengan niku leren rumiyin to. Mengkeh nek pun waras kula ajak jalan-jalan melih. Sak niki lenggah mawon kaliyan nonton TV. Kula ta nyiapke bubur gudeg sing ditumbaske bu lik. 

Simbah kakung mangsuli. Aku iki saiki wis ora enom maneh. Mripatku iki wes ora iso dienggo nonton TV. Wes blaawuur kabeh ora cetho. Mangkane aku wegah nonton TV. Wes isa ngrumangsani ono faktor U. 

Zaman aku isih enom ya seneng nek nonton wayang wong neng Sriwedari. Koe cah ayu ngerti Sriwedari opo ora? Takono pakde mu kono sing mbiyen ngantor neng cedak Sriwedari. Ning yo mbuh opo saiki kowe iso ketemu pakde mu. Wong wis ngantor neng Jakarta. 

Aku seneng lakon sing ono Rama lan Sinta. Seneng nek pas mesra2an. Ketok romantis tenan. Kui sak durunge metu kijang sing gawe masalah. Ono meneh sing aku yo seneng. Kuwi lakon e sing ono Arjuna karo Srikandi....Arjuna ethok2 ngajari Srikandi manah...sakjane yo pengin cekel2....nyenggol2....he....hee. Koe cah ayu nak yo mesti paham to .... 

Mbiyen aku yo sok nonton Ludruk neng TV. Kuwi iso menghibur nek atiku pas kesel. Iso gawe ngguyuu.. Bongsone kebudayaan ki aku seneng....opo meneh nonton live ....ketok cetho.....ning yo zaman mripatku isih seger...aku isih enom. Zaman saiki wes ilang kabeh hiburan kebudayaan koyo mengkono kuwi.....wis ora menarik. 

Mbah kakung nggih mesti nglirak nglirik sindhene to? Hayoo....nggiih nopo nggiihhh ? Sing ayuu dhewe sinten mbah? 

Huuss... Kowe cah ayu ojo buka rahasia lhooo..... Kuwi wes dadi rahasia umum......hoaa...hoaaa haaaa.... Sing ayuu wes ta pek...yo kuwi....simbah putrimu.. 

Anuu mbah.....koq mbah putri nate ngendika....kuwi simbah kakungmu pernah pacaran karo sing dadi Arjuna....leres mboten mbah? 

Hiii..hiii..sssssttt....weesss ayoo mangan.....gowonen kene bubure. 

[PP_20160228] 

Mohon tunggu...

Lihat Dongeng Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun