Urip bebrayan iku seneng lan susahe, manis lan getire, gumantung soko keikhlasane anggone nglakoni. Yen podho duweni ati kang tansah syukur marang Gusti, awit sih katresnane paring kenikmatan kang jembar, mesti uripe ayem lan tentrem. Ora melik duweke liyan.
Sejatine akeh banget paringane Gusti, sok lali disyukuri. Iki sing marakne tatu ing ati. Wis duwe bojo ganteng, jebul isih kepengin sing luwih ganteng. Duwe bojo sugih, isih melik sing luwih sugih. Opo maneh yang bojone ora ganteng lan ora sugih.
Samono ugo, yen duwe bojo ayu lan seksi, isih kepengin sing luwih ayu lan luwih seksi. Wis duwe bojo sing glowing moblong-moblong tur kinclong, isih melik sing luwih glowing. Pepenginan kang koyo ngene iki sing njalari urip bebrayan ora jenjem lan ayem.
Salah sawijine tumindak sing mesti agawe tatune ati, yoiku mbanding-bandingke bojone dewe karo wong liyo. Kabeh uwong sejatine ora seneng yen dibanding-bandingke lan disaing-saingke. Menang utowo kalah, tetap natoni ati.
Saumpomo ono wong wedok sing mbandingke bojone karo wong lanang liyane, koyo ngene:
"Kowe iku elek, tur ra gablek duwit. Ora koyo tonggone dewe ngarep omah kae, wis sugih tur ganteng..."
"Kowe iku kasar, tur ora romantis. Ora koyo tonggone dewe ngarep omah kae, wis alus tur romantis..."
"Kowe iku bodho, tur ra duwe gaweyan. Ora koyo tonggone dewe ngarep omah kae, wis pinter tur jabatane dhuwur..."
Mesti wae sing lanang ngamuk lan tatu atine. Ora trimo dibandingke lan disaingke karo tanggane, utowo karo sopo wae. Wong lanang yen wis tatu atine, rumongso ora diajeni, ora dipercoyo, ora migunani tumrap keluargo, donya iki rasane koyo wis kiamat.
Ora ono tumindak sing luwih nglarani tumrap wong lanang, kejobo ora dipercoyo lan ora diajeni bojone dewe. Atine lara, nelangsa, lan rumangsa ora berguna. Urip rasane wis peteng ndedhet, ora ono ajine babar pisan.