Mohon tunggu...
Cahyadi Takariawan
Cahyadi Takariawan Mohon Tunggu... Konsultan - Penulis Buku, Konsultan Pernikahan dan Keluarga, Trainer

Penulis Buku Serial "Wonderful Family", Peraih Penghargaan "Kompasianer Favorit 2014"; Peraih Pin Emas Pegiat Ketahanan Keluarga 2019" dari Gubernur DIY Sri Sultan HB X, Konsultan Keluarga di Jogja Family Center" (JFC). Instagram @cahyadi_takariawan. Fanspage : https://www.facebook.com/cahyadi.takariawan/

Selanjutnya

Tutup

Love Pilihan

Aku Sarungan, Kowe Dasteran

5 Agustus 2022   21:03 Diperbarui: 5 Agustus 2022   21:06 1684
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilustrasi : https://twitter.com/arsenallatif

Urip bebrayan iku temen-temen perlu persiapan sing mapan. Ora mung cukup sangu rasa tresno lan angen-angen. Ananging kudu sinau ilmu lan linambaran tirakat kang murwat.

Umume, bocah enom sing wis duwe gegayuhan nikah, mbayangake senenge urip omah-omah. Kamongko sing dibayangake iku mung senenge pengantin pas lagi ono ing wayah bulan madu. Mas Dawn Lipthrott ngarani iku 'romantic love', kang pancen kabeh kroso sarwo endah.

Sarampunge wayah 'romantic love', jarene mas Dawn Lipthrott, urip bebrayan bakal ngliwati 'dissapointment' utowo sinebut ugo 'distress'. Lha ing bagian iki, urip bebojoan wiwit kroso panas. 

Sing lanang mulai kuciwo marang bojone. Semono ugo sing wadon mulai sering nangis amargo loro ati. Pas wanci 'dissapointment' iki, suasanane ora nentremake ati. Kadang, poro mudho sing arep nindakake polo kromo ora mbayangake kondisi koyo ngene. Sing dipikir mung seneng-senenge wae.

Kowe Dasteran, Aku Sarungan

Bocah enom sing wis duwe krenteg mbangun bebrayan, duweni gambaran urip bebojoan iku sok ming sederhana. Mbayangake uripe bapak lan ibune, sarto tonggo teparone. Opo sing ditonton samben dino, iku sing dadi tulodho.

Mbak Farida Hidayati lan konco-konco seko Fakultas Psikologi Universitas Diponegoro nate gawe penelitian ing taun 2011. Jarene, akeh-akehe wong lanang yen wis duwe anak, anggone nggulowentah putro koyo dene deweke jaman semono digulowentah dening wong tuwane. Dadi yo mik niru carane wong tuwo jaman semono. Ora sinau dewe.

Semono ugo ing sajroning urip bebrayan. Umume wong urip bebojoan neng ndeso iku, yen pas eneng ngomah sing lanang sarungan lan moco koran. Sing wadon dasteran lan blonjo neng warung tonggo.

Iku digambarake neng lagu Jowo sing nate viral tekan Korea, judule Mendung Tanpo Udan. Lagu iki dikondangake nganggo versi dangdut koplo dening Ndarboy Genk lan Deni Caknan. Lirike diripto dening Kukuh Prasetya Kudamai. Mesti panjenengan wis podho apal kabeh sing bagian hits iki:

...

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Love Selengkapnya
Lihat Love Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun