Mohon tunggu...
Nisrina Izzatur Rizqiyah
Nisrina Izzatur Rizqiyah Mohon Tunggu... Lainnya - Pelajar

Here to learn something, Nice to meet ya'll [finger heart]

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Serigala Jahat

23 Agustus 2023   21:15 Diperbarui: 23 Agustus 2023   21:24 117
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"teng teng teng teng~", para domba seneng banget akhir e suara iki tiba, suara sing ditunggu-tunggu kabeh kewan ing seluruh dunia. Suara iki dadi tanda yen acara favorit bakal segera dilaksanakake "The Ball" sopo sing gaero acara iki, acara olahraga favorit para kewan ing daerahku. Acara iki tujuan e kanggo ngadu kekuatan e para kewan, termasuk para domba yaiku golonganku.

Aku Lily, bukan salah sijine domba sing tertarik acara iki. Menurutku acara iki gak jelas, apa maneh sing ngadakake para serigala sing bukan golonganku, serigala iku jahat, apa meneh antek-antek e Professor Bonbon iku. Masio ngono aku gaiso nolak, soale antek-antek e Professor Bonbon sing bakal ngunci para domba ing ruangan sing bahkan aku gak ngerti iku ndek endi. Aku sebagai golongan domba ora duweni kuwasa ing kene, dadi aku mung bisa manut wae.

Aku lan kanca-kancaku akhir e melok rombongan domba dituntun salah siji antek-antek Professor Bonbon yaiku Satria. Sejauh iki apik ae seh serigala satria iki, tapi gak mungkin serigala iku apik. Gak suwe aku ndelok serigala liyane yaiku Zidi, serigala sing jahat banget ing mataku, bahkan tekan wajahipun ketok yen serigala iku sama sekali gak ramah "deloken bahkan iku gak senyum blas" batinku jengkel.

Aku saiki wis ing njerone truck, suasane panas gak karuan, tapi untunge awake segera sampe ndek tempat acara keramat iki. "Rek engko ojok kepisah yo, ojok sampe ilang" jare Nadi. "Lah ngatur, lagian gak mungkin ilang, emang aku bocil opo" batinku. Tapi gak ngerti kenapa pas aku batin iku lan ndelok sekitar ternyata Zidi lagi noleh ndeloki aku, "Medeni" batinku.

Seperti biasa acara berjalan lancar. Diawali para domba vs babi. "lah lek ngene yo wes auto win, babi gaiso noleh mosok kate dilawano ambek domba" bener ae, pertandingan iki dimenangno para domba. Masio pada awal e domba gaiso mencetak poin nanging ing menit terakhir domba tetep berhasil menangno pertandingan pertama. Pertandingan iki terus berlanjut sampe akhir e waktu kanggo balik ing omah.

Seperti biasa, aku bareng kanca-kancaku liyane yaiku Nana, Yaya, lan Cici numpak truck. Sewaktu awake wis ndek truck ana salah sijine serigala sing paling gak tak senengi Zidi ngadek ing sebelah e truck "minggir o, aku kate ndeleh barang" batinku "waduh enak e rek lek ngomong kaya ngongkon ngalih semut ae" tapi karena aku kesel banget dadi aku yo mudun ae lan nunggu ing ngisor. "Iki lek misal kebek lebih milih numpak iki opo nggolek tumpangan liyane?" takon e Yaya ambek ngombe susu sapi. Aku sing lagi ngantuk tanpa pikir panjang langsung ae jawab mending nggolek tumpangan liyane, hal iki langsung disetujui ambek Nana lan Yaya.

Gak suwe tekan perbincangan iki awakdewe ngadoh tekan truck lan pergi nang pinggir dalan. 1 menit... 5 menit... bahkan sampe 1 jam aku lan kanca-kancaku nyoba nggolek tumpangan nanging mesti langsung ditolak, aku mung bisa pasrah wae. "Duh luwene rek, ayo nggolek mangan" jare Nana ambek mencak-mencak. "Gausa wes" "Yowes ayok" jare Cici lan Nana barengan. Yowes akhir e kene budal nggolek panganan. Gak suwe kene balik meneh amarga kabeh wong dodolan bahkan wes tutup. "Ayo balik, ndek kene malah bakal gak entuk tumpangan!" jareku ambek rodok pegel.

Ditengah-tengah aku mikir cara gawe moleh, ana serigala liyane sing rupane luwih tuwa timbang serigala liyane natep aku lan kanca-kancaku. "Dek monggo gorengan" Jare serigala tua, kanca-kancaku yo seneng ae ta, gorengan iku langsung dipangan karo kancaku. Awal e aku nolak, eh pas ndelok Nana mangan kok enak, akhir e aku yo njupuk gorengan iku mau. "Bapak iki apikan yo" Gak suwe awakku rasane muter-muter sekilas ndelok kancaku ternyata wes gak podo ngadek, gak suwe pandanganku moro peteng.

Tangi-tangi aku bingung aku ndek endi, ndelok kiri kananku kanca-kancaku sek podo turu, aku nyepak Yaya "He tangi o!!" omongku ambek rodok ngegas. Ternyata sing tangi disekan malah Cici, "LO HE NDEK ENDI IKI REK" Yaya ambek Nana langsung tangi. "Iki pasti gara-gara mangan gorengan serigala tuwek iku! Gara-gara kon iki Na!!" omong e Cici ambek ngegas nang Nana. "kok iso aku ilo, kon dewe yo melok mangan!" "Yo kon lek ancen ket awal gak nge-iyane kene gak bakal ngene" Nana lan Cici debat, aku lan Yaya nyimak. Tapi karena debat e gak mari-mari aku lan Yaya akhire berusaha nenangake Nana lan Cici.

Paling gara-gara debat iki serigala tua iki akhir e teka. "Enak e rek ngobrol e, target saiki enak kaya e lek dipangan lumayan mengurangi populasi domba sing kakean omong" jare serigala tua, ""lah aku kate dipangan lak an iki" batinku. "Copoten iki tali e, lapo seh iki!" jare Nana ambek nyepak angin. "HAHAHAHA" serigala iki malah ngguyu ae. Aku lain kanca-kancaku mung bisa delok-delokan. "Stress" serigala iku langsung berhenti ngguyu lan moro njupuk pistol. "SING GENAH AE PAK" "DORR!" durung mari aku ngomong, moro serigala tua iki nembakno pistol e untunge ternyata mek kena bulu Nana titik ae gak ngaruh. Serigala sing sadar lek tembakan e gak pas pun langsung nyoba bidik target meneh, kali iki lebih fokus nang Cici. "Sek ta pak, samean iki asline lapo kok pengen banget nembak aku?!?" Bengok Cici ambek ngegas, nanging seragala iki malah jawab "loh yo dipangan" dengan santainya. Durung mari serigala iki angkat pistol e meneh Yaya ngomong "SEEKKK PAK! Ancen kudu banget awake sing dipangan, mangan panganan sing biasane ae loh pak, tak bantu nggolek wis ya, deal kan deal?." Omong e Yaya ambek nggawe penawaran. "Yo iki pangananku biasae, mari tekan turu panjang yo paling enak mangan daging domba, daging paling enak favoritku."  Jare serigala "Tapi gak ngerti opoo saiki jarang nemu kewan keliaran, tapi untunge onok domba-domba lucu kaya kalian iki moro terlihat di depan mataku Hahahaha!!" batin pak serigala sing stress iki.

Sak marine ngguyu-ngguyu dewe karo hal sing ora lucu iku mau, mendadak serigala mau wajah e balik serius meneh. "Waduh, kudu lapo iki aku." Batinku karo bingung keringat dingin. Nanging sewaktu serigala iki wes narik pelatuk "........." "kok gak onok apa-apa" batinku sambil ndeloki seluruh awakku. Pas aku ndelok serigala ternyata serigala iku maeng nyoba narik pelatuk e bahkan sampe ditiupi sing bahkan aku gaero tujuan e apa. "oalahhh entek ta isine" batinku seneng. Serigala tua iku mau moro langsung ngalih sing aku gaero kate menyang endi tanpa ngomong apa-apa "isin kaya e".

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun