Mohon tunggu...
Nadya Elveta Zerlinda
Nadya Elveta Zerlinda Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Belum Bekerja

Halo!

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Aku Berhak Nduwe Kalodhangan Kang Padha.

16 Agustus 2023   08:28 Diperbarui: 20 Agustus 2023   08:32 136
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"sing iso dadi bos yo mung lanang Lis, kowe iki ono wae" kondo bocah lanang paras
e pethak lan dhuwur. Nathan jenenge, tetuwa klas kang paling disegani akeh guru amarga
sipat kepemimpinane. Stigma-stigma koyo ngene iki kang nggawe wadon kaya nduweni
wates jroning ruwang gerake lan ngrasa ora nduweni hak kanggo milih kauripan kang
dheweke kabeh karepake. "modelmu sing koyo ngono arep dadi bos? ahahaha perusahaanmu
cepet bangkrut sing ono Than, isomu mung ngongkon-ngongkon wae, ora ono aksine" Najwa
jelas mbantah tetembungan Nathan, dheweke ngrasa drajade dadi wadon diudhunake.
Kanggo Najwa nempuh pandhidhikan yaiku hak nggo kabehing wong, becik lanang utawa
wadon. Wadon nduweni kalodhangan kang padha karo lanang kanggo ngembangake dhiri lan
nggayuh gegayuhan.

Dina nalika pemilihan tetuwa klas iki lah wayah ing endi saben murid padha-padha
kompetisi kanggo nywarakake aspirasine. Lisa, salah sijining murid berprestasi kang kerep
dibanggakake kanca-kancane niyat ngajokake dhiri kanggo njabat dadi tetuwa klas. Sanadyan
dheweke wis ngerti menawa Nathan kang wis pasti menang, piyambake tetep duwe tekad
kanggo ngajokake dhiri. Ditambah maneh dukungan dening kanca-kancane dheweke ngrasa
luwih yakin maneh. Ora dipungkiri dukungan kasebut jalaran dheweke yaiku sosok kang
kompeten, dheweke nduweni nilai dhiri kang ora kalah saka Nathan.
"teng teng teng" bel mulih sekolah uga muni, swara nyaring iku nutup rudu para calon
tetuwa klas. Lisa milih kanggo mungkasi guneman ora berbobot kui, dheweke cepet-cepet
mulih menyang omahe. Nyawang ibune nurokake adhine sinambi masak yaiku sesawangan
sadina-dinane sawise mulih sekolah. Ing pinggir pawon, bapak e lisa lagi leyeh-leyeh ngombe
sak cangkir kopi tanpa urus bojone kang lagi kerepotan ngurusi omah. "buk, anak e kui lo
nangis wae, mbok yo dinengne, aku iki wes kesel kerjo, mulih-mulih malah ning omah rame
wae". Lisa ngrasa mesakne ngelingi menawa ibune kang dhisik pengin nglanjutne
pandhidikan nanging malah rampung ing dapur amarga ora diwenehi dening bapane.
Ditambah maneh urusan omah sakebake dijupuk alih dening ibune, bapake mung nanggung
ragad urip.

Tanpa pikir dawa dheweke ngganteni kagiyatan masak ibu Lisa. "ibuk kesel ya?
pangapurane ya buk lisa isih durung bisa rewangi akeh, apa ibu ora kanteben yen kudu
dikongkon ngurus omah dhewekan? ibuk dudu isih arep nerusake karir ya? dudu pakaryan omah iku jejibahan berdua?" celathu lisa. "rungokake nduk, sanadyan ana wadon milih
kanggo dadi ibu rumah tangga lan ora berkarir utawa lanjut pandhidikan, pandhidhikan kang
wis ditempuh sakdurunge ora sia-sia. Wadon kang cerdas arep nyiapake dheweke kanggo
kabeh kemungkinan terburuk kang oleh kedadeyan. Ibuk ora kanteben yen ora maneh
nyambut gawe, toh ibu uga arep weruh tuwuh kembang kabeh anak-anak e ibuk." Lisa ngrasa
miris karo sistem sosial ning panggon dheweke tinggal, akeh kesenjangan sosial. ing
indonesia, stigma kang nganggep menawa lanang nduweni derajat kang luwih dhuwur jero
bab pandhidhikan isih kentel banget. Stigma kasebut biyasane muncul amarga pandhengan
tradhisional kang nganggep menawa wadon mung tugas ngurus anak lan bojo saengga ora
perlu nempuh pandhidhikan kang dhuwur.

"wedok urip e yo ning dapur, kanggo opo sekolah dhuwur-dhuwur" maneh maneh
Nathan mbantah visi misi kang disampekake dening Lisa. Lisa ora gelem kalah, dheweke
nyanggah kabeh tetembungan nathan "supoyo dapurku luwih apik tinimbang dapurmu!"
kabeh nathan lakokne demi ngolehake kakuwasane bali, wiwit saka ngehasut, nyogok, opo
meneh kasar karo Lisa, curang, licik ya iku Nathan. Teka dina ing endi wara-wara sapa kang
arep dadi tetuwa klas, ibu guru macakake kasil voting sadurunge ngolehake muride kanggo
mulih. Ya bener, Lisa pemenange, dheweke berhasil mbuktekake marang Nathan menawa
dheweke uga bisa dadi panggedhe tumrape lanang. Nathan kang nyawang jero dhiri wadon
emosional banget, ringkih, labil, lan sapanunggalane. Uga bisa wicaksana, adil nalika
mimpin. Lanang, ing sisih liya, rumangsani menawa dheweke kabeh kuwat banget, logis,
jantan, lan perkasa tur ora gampang nangis.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun