Mohon tunggu...
Jugarit
Jugarit Mohon Tunggu... Buruh - Customer Care ISP II Kabupaten Manchester

Olahraga, sastra, teknologi.

Selanjutnya

Tutup

Humor

Netizen, Cocot Naga

6 Februari 2023   16:38 Diperbarui: 6 Februari 2023   16:41 89
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Ngapa ta kok ngribetne ukara sing mung "apa cuma gue?" Terus nulise nganggo basa jawa? Apa kon
ngganti karo ukara "apa mekgur aku?". Jelas ora. Mergane yen isih ana sing comment neng jagat
maya karo ukara ngana iku nandhakna apa sing diprogramke pemerintah kaya ta program UMKM, era
industri 4.0, apa ekonomi digital iku rada angel kawujud, yen kawujud kayane rada kasep-kasep seka
target. Sanajan, kabeh program iku dinggo ngadhepi pasar global sing wis diadhepi Indonesia. Merga,
yen kabeh kepingin dadi PNS, ora ana sing bayar pajak terus PNSe oleh bayaran seka ngendi? Zakat
mal?


Ukara-ukara sing model-model ngana iku ngabukteke yen netizen Indonesia, utawa manungsane isih
ngandhalne anane manungsa liya sing dikarepne padha karo manungsa iku. Dadine ana comment sing
metode survey kanthi pitakon ngana mau "apa cuma gue??". Dikarepake, yen comment ngana iku
bakale dibales karo netizen liya "gue juga kok" sakteruse. Karepe ben dianggep padha karo umume,
utawa wedi tampil beda dhewe.


Nah,yen dijupuk contone menawa neng proses panemuan earphone rupa putih sing diduweni iPod
mikir "apa cuma gue?", mesthi iPod kalah saing karo Walkman. Walkman nalika jaman semana isih
mikir yen kabele earphone iku isa ngganggu penampilan mangka gawe earphone rupa ireng,. Merga
wani beda iku sing marakke iPod isa oleh pasar, lan malah isa dadi panandha yen ana wang sing
nganggo earphone rupa putih iku lagi ngrungokke musik nganggo iPod. Dadine saiki akeh uga sing
melu-melu produksi earphone gawan HP kanthi rupa putih. Ya, senajan iPod wis kalah karo hp sing
wis isa nyimpen playlist lagu, tapi gara-gara iPod nganggo earphone warna putih iku dianggep wis
lumrah, lan ora ganggu penampilan.


Apa meneh sing dadi target program-program iku kawula enom sing sak ora-orane isa bedakke
tandha jaringan internet neng HP ndi sing kuotane isih ana apa sing wis entek. Mergane iku, sing
dikarepke pemerintah lewat program-program ngadepi pasar bebas global karo saingan industri
teknologi iku sing dibutuhke yaiku sing nduweni identitas beda. Mergane beda iku sing bakale
digoleki, bakale dielingi iku model sing beda. Beda iku luwih apik, tinimbang sethithik luwih apik seka
saengan liyane.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun