Mohon tunggu...
Mumtaza Hanun Basil
Mumtaza Hanun Basil Mohon Tunggu... Lainnya - Siswa

Pelajar yang ingin mengubah dunia menjadi lebih baik dengan tetap berpegang teguh pada iman dan taqwa.

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Lomba Geguritan HUT SMAN 3 Malang

24 Agustus 2023   12:31 Diperbarui: 24 Agustus 2023   12:43 74
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

SMA negeri 3 Malang nembe kemawon ngerayakaken HUT ingkang kaping 71 (pitung
dasa setunggal). Tema HUT nipun meniko "Satukan Hati/manah kangge Bhawikarsu Cerdas
Berkarakter". HUT ingkang dhateng 71 SMANTI ngawontenaken pinten-pinten rangakaian
perayaan. Dipunwiwiti saking b-night ingkang ditindakaken ing dinten jum'at tanggal 4 Agustus
2023. Ing dinten seninipun dipunadakaken pra acara HUT kaliyan ngundang alumni lan maringi
motivasi sawentawis personal branding. Pucukipun acara saking HUT SMA 3 inggih menika ing
dinten slasa 8 Agustus 2023, kaliyan nglampahaken upacara, mawosaken sejarah, simbolis, lan
lintunipun.

Salah satunggaling kemeriahan HUT SMAN 3 inggih menika kaliyan dipunwontenaken
lomba-lomba. Dipunwiwiti kaliyan lomba kostum saben kelas ingkang dipunkreasi piyambak -
piyambak lan funwalk ing dinten jemuwah enjing. Kejawi menika ugi wonten lomba menghias
tumpeng, lomba poster, lomba hula hop, lomba bal-balan corong, lomba bal lebet jaring, lan
wonten ugi lomba cipta lan waos geguritan.

Lomba cipta lan waos geguritan dipunlampahaken wiwit tanggal 26 Juli 2023 ngantos
wates pungkasan pengumpulan tanggal 2 Agustus 2023. Lomba puniko dipunkhususaken kangge
siswa kelas 10. Saben kelas wajib maringaken setunggal perwakilan dados penulis lan pamaos
geguritan. Geguritan ingkang dipunwaosaken wajib mbobot guneman, pangajeng-ajeng, kesan,
lan pesen kagem Bhawikarsu utawi SMAN 3 Malang. Penyeratan lan pamawosan geguritan
dipundamel ingkang paling sekreatif. Geguritan dipunwaosaken lan dipundamel video berdurasi
sawentawis tiga dumugi gangsal menit. Video lajeng diunggah dhateng tautan google drive
ingkang sampun dipunsiapaken lan dhateng instagram kelas piyambak-piyambak.

Pamenang saking lomba geguritan dipunpendhet tiga paling sae. Saben piyambak-
piyambak pemenang pikantuk bebingah lan sertifikat. Pamemenang kapisan lomba geguritan
maosaken geguritannipun wonten acara puncak HUT SMAN 3 sasampunipun tembang
"Bhawikarsu Pinter Berkarakter" garapan siswa, ing dinten slasa. Pamawosan geguritan
dipunlampahaken wonten tengahing lapangan lan dipunprisani dening sedaya warga bhawikarsu,
wiwit saking para pejuang bhawikarsu kelas 10, 11, ngantos kelas 12, guru-guru, staff, lan
alumni ingkang tumut rawung ing acara menika.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun