"Galih nganggo dhuwitku dhisik bae, amarga aku uga arep ngijolake dhuwit," Kandhane Ratih sinambi ngulungake dhuwit warna biru banjur diparingi owah-owahan karo bakul cilok.
"Ratih arep ngombe opo?"
"Aku mung es jeruk bae Galih," Wangsulane Ratih.
"Oke, entenono sek ya."
Nalika ngenteni Galih, Ratih ngetung dhuwite banjur dilebokake ing dhompete. Ngombene wis rampung, loro-lorone padha golek papan lungguh ing bukti bintang. Sawise golek papan lungguh, wong loro mau padha nyawang endahing langit wengi iku kang kebak lintang-lintang lan lampu-lampu kutha lan padha rembugan bab macem-macem topik. Ugi terlalu seneng omong-omongan, Ratih ora ngrumangsani yen dheweke babar pisan ora ngetokake HP.
Jam ing pergelangan tangan e wis nunjukake jam 08.30 minangka pratandha yen dheweke kudu enggal mulih yen ora dheweke bisa rampung karo ibune. Ratih lan Galih cepet-cepet menyang parkiran lan numpak motore Galih. Sawise sawetara menit ing dalan mulih, Ratih kepengin weruh pesen saka kanca-kancane amarga dheweke durung mriksa pesen ing HP lan dheweke arep njupuk HP ing tas nanging sawise dheweke ngrasakake tas, jebule HP e ora ana ing tas dheweke, Ratih gupuh lan langsung ngomong marang Galih.
"Galih sek, iki HPku ora ana ing tas," Kandhane Ratih karo isih nggolek HP ing tas.
"Ratih tenane?" Takon Galih gupuh.
"Iya Galih tenan,"Â
"Yowes ayo bali goleki HP mu."
Galih ora let suwe nambah kecepatane motore supaya bisa luwih cepet.