"Jam 4 Ratih, amarga sesuk kuwi sabtu malem minggu, wedi e macet ing dalan."
"Okei siap Galih," Wangsulane Ratih.
Sawise mbales pesen, Ratih saiki bingung kepiye carane njaluk ijin marang wong tuwane. Dheweke uga wani nyedhaki wong tuwane sing ana ing ruang tamu.
"Ibu, bapak, Ratih benjing sonten badhe tindak miyos dolan nggih, Ratih punagi mboten kondur ndalu-ndalu nggih..."Â
"Kowe arep main neng endi? Karo sapa?" wangsulane Ibu Ratih.
"Ten Bukit Bintang, sami kanca-kancane Ratih Bu, kepareng nggih Bu?" Rengek Ratih.
"Kanca sapa wae?"
Deg..Ratih bingung njawab pitakonan iki amarga dheweke metu karo wong lanang lan ora karo kanca-kanca wadon e, dheweke bingung lan mikir yen mung ngapusi wong tuwane wae toh mung sepisan iki dheweke ngapusi.
"Sami kados limrahipun Bu, kaliyan lare-lare."
"Yowes, nanging ati-ati aja mulih wengi-wengi," Wangsulane Ibu Ratih tanpa curiga.
"Nggih siap Bu, maturnuwun Bu," Wangsulane Ratih karo ngacungake tangan kaya ngurmati ibune, dheweke banjur bali menyang kamar lan siap-siap turu.