Mohon tunggu...
Miftakhul Firdaus
Miftakhul Firdaus Mohon Tunggu... -

MANUSIA DENGAN SEGALA KETERBATASAN....

Selanjutnya

Tutup

Catatan

Kiye Nggo Wong Kalisabuk

20 Februari 2013   03:15 Diperbarui: 24 Juni 2015   18:01 745
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Kalisabuk kuwe desa nang Kecamatan Kesugihan, Cilacap, Jawa Tengah, Indonesia. Jenengan Dusun sing nang Desa Kalisabuk ya kuwe: Gebang Kuning, Mertelu, Bonmanis, Gumelar, Pringtutul, Banteran, Pwewden, karo Brondong. Jerene jenengan Kalisabuk dijiot kang kejadian awal desa Kalisabuk, pas diriwayatna Desa Kalisabuk diubengi kali sekang bekas perjalanan kayu wit aren sing jerene gede banget, anu digawa nang wong sakti sing nganggo sabuk, bentuke kali sing mubengi desa kiye. Kalisabuk berbatasan karo Desa Slarang nang sebelah wetan karo kidul, Desa Karang Kandri karo Kuripan Induk nang kulon lan berbatasan karo Kesugihan nang mbang lor. Pegaweyan utama wong Kalisabuk ya kuwe tani, ana sing kerja dadi nelayan nang kisik, ana sing dadi bakul nang pasar (pasar Kalisabuk, Pasar Kuripan, karo pasar Gede Cilacap) tapi ana juga sing kerja nang Korea, Taiwan karo nang Arab. Nek enyong, umaeh ana nang Dusun Gumelar sing dadi pusat aktivitas pemerintahan (ana Bale Desane), pendidikan (ana SD, MI, MTs karo MAN), perekonomian (ana pasare), karo olahraga (anu ana lapangane). Dusun sing paling adoh dewek kuwe Dusun Pringtutul karo Mertelu.

Dela maning Kalisabuk arep ana pilihan Kades, tepate wulan Maret, jagone ana telu ya kuwe : Pak Ma’na, Pak Sabik, Karo Pak Ripan. Nek Pak Ma’na karo Pak Sabik kuwe se-RT se-RT juga karo enyong.

Pak Ma’na kuwe pegaweyane duwe usaha percetakan “Gumelar Offset”, Pak Ma’na calon sing paling enom, putrane loro sing gede sekolaeh esih SMP. Bojone jenenge Bu Solikhatun.

Pak Sabik kuwe pegaweyane nang Riau, mbalik aring Kalisabuk arep magang lurah, bojone arane Mba Ela.

Nek Pak Ripan gemiyen pernah magang tapi ora dadi, siki magang maning. Pegaweyane Pak Ripan kuwe nang Kecamatan Kesugihan karo duwe bengkel nang dalan raya Kalisabuk, tepate nang sebelah ALF*MAR*. Bojone jenenge Bu Ijah, anake akeh alias kemrayak.

Mohon tunggu...

Lihat Catatan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun