Mohon tunggu...
M. Edy Sunarto
M. Edy Sunarto Mohon Tunggu... profesional -

Jawa asli, masa kecil & sekolah di Jawa Timur. Be cheerful. edysmartpro@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Humor Artikel Utama

[Jowo] Beo Pinter Agawe Kejodheran

8 Mei 2015   00:38 Diperbarui: 17 Juni 2015   07:16 188
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

[caption id="attachment_364865" align="aligncenter" width="400" caption="Manuk Menco_beoburungdotblogspotdotcom"][/caption]

Mbuh pirang sasi wis kliwat neng pungkuran, sak elingku, dhek biyen prasasat dadi kembang lambe temenan soko mantebe guyon perkoro manuk menco tilas ingon2an sedulur wargo kompleks Dolly. Kompleks pelesiran resmi pungkasan neng Suroboyo sing durung suwe iki ditutup bu Risma, Walikota. Bab crito manuk menco kuwi rak jelas poro sohib Kompasianer kene isih dho kelingan opo ora. Nanging pokoke amrih aman sentosa ora dikiro mbaleni crito lawas, dudu diniyati dhapur sekuel crito mau – genah wong yo sing nganggit alias ngarang critane yo seje wonge – artikel iki isih arep crito mowo lakon manuk menco sing yen kasil nggone nggulowenthah lan ngajari yo dadi pinter tenan nirokke samubarang omongane uwong. Arep sing bener, utowo sing nggladrah, rusuh lan habul, ditirokke. Ngene dul crito jangkepe.

Seje soko sing lumrahe wong lanang sing duwe kekareman ingon2 manuk ocehan, ono ibu isih katon cukup enom ngendhegke mobile neng pet shop langganane. Bu Tuty langganane pak Bejo sing duwe toko. Nembe milang-miling nyetitekake maneko warno manuk ocehan sabangsane prenjak, poksai, murai, menco, kenari, kacer, jalak, cucak, ciblek, branjangan, bence, anis kembang, kupinge krungu swarane pitik jago alasan kluruk. Katon yen tamune clingukan nggoleki asale sworo, sing duwedagangan nudingke drijine ngarah salah siji kurungan gemandhul neng pang wit jambu kluthuk ngarepan toko. Katon manuk menco gedhe gagah pawakane.

Bu Tuty: “Lhoh, bener menco kuwi to pak sing kluruk mau?”

Pak Bejo: “Lhah inggih ngoten to bu. Saestu. Dirantos mawon sawetawis mangke harak dibaleni. Digatoske mawon yen ibu pengin pitados.”

Tenan, ora suwe si menco kluruk maneh nirokke swarane pitik jago alasan kluruk. Jan memper kae soko pangrungune bu Tuty. Neng kurungan ono guntingan kertas manila ditulisi rego, Kewoco Rp. 2.000.000,- Murah banget, bu Tuty mbatin. Kareben ora kleru pangiro mulo know-how sharing & price negotiation lumaku koyo salumrahe proses dol-tinuku.

Bu Tuty: “Rego kuwi wis klebu regane kurungan yo pak?”

Pak Bejo: “Dereng, nembe peksi mawon. Lhah yen dikersakaken sak kurunganipun inggih pun tambahi setunggal setengah yuto malih to bu. Kurungan ingkang mirahan inggih wonten, ingkang langkung sae inggih wonten.”

Bu Tuty: “Orak pak. Tinimbang ndadak butuh wektu amrih si menco pomah yen ganti kurungan. Sopo jenenge manuk kuwi? Lumrahe jaremu biyen regane menco sing wis baut wicoro sakiwo tengene limang yuto, lha sing iki koq mung rong yuto geneyo pak?”

Pak Bejo: “Naminipun peksi si Panjul bu. Prayogi ibu pirso, ingkang saderengipun nggadhahi peksi meniko tiyang Suroboyo. Salah satunggal mucikari wonten kompleks plesiran Dolly. Sadoyo darbekipun kasade sareng Dolly pun tutup bu Walikota. Klebet peksi meniko. Sampun ngantos kaget bilih kolo2 Panjul ngucap ingkang ngemperi semu2 saru. Ngaten lhoh bu.”

Sawetoro wektu bu Tuty nimbang2 nganti wekasan manuk sak kurungane pisan diunggahke pak Bejo mlebu mobil. Tekan omah, kurungan digantung neng ruang keluarga sing jembar tur isis. Ditunggu si Panjul rumongso tentrem neng papan anyar njur kapan wiwit gelem ngoceh. Nganti tenan, sawise thingak-thinguk ngawaske swasono sakupeng kono, nyawang bu Tuty, si Panjul njur cemuwit. Dudu unine sing marakke bu Tuty kaget, nanging maknane ukoro.

Panjul: “Omah anyar, mami anyar.”

Nggagas rodo jero bu Tuty kepiye mungguh panarimane sisihan lan putri2ne anane si Panjul tetukone anyar iki. Ora gantalan suwe tekan wektune putrine loro mulih sekolah. Wiwit katon mlangkah mlebu lawang nuju ibune, cah wadon loro genten nyalami ibune njur cipika-cipiki ora ucul soko pamawase si Panjul. Njur nyworo mengkene.

Panjul: “Omah anyar, mami anyar, ceweq2 anyar.”

Bu Tuty lan putrine loro lumayan kaget, ono roso kurang kepenak, sedhelo. Njur sawise cetho sumbere sworo dadi ngguyu bebarengan.

Kocap kacarito, wayah magrib isih durung purno, keprungu gerenge mobil pak Romli sisihane bu Tuty mlebu garasi kondur ko kantor. Dipapag bu Tuty njur dicritani bareng jumangkah sarimbit mlebu ruang keluarga. Nyawang si Panjul sing bubar ngombe sawise notholi gedhang kepok pakane. Sajak nyetitekke sisihane bu Tuty, munggah pancikane njur nyworo mengkene.

Panjul: “Halo pak Romli!!”

---oo0O0oo---

Yo wis dulur. Tancep kayon tekan kene.

Jakarta, 20150608

Tabik & salamHUMORana.com

ttd& cap stempel resmi

Departemen Humor Garing

Inspirasi:

http://beoburung.blogspot.com/

http://kicaumaniastbd.blogspot.com/2014/01/10-jenis-burung-kicauan-bersuara-merdu.html

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun