Mohon tunggu...
Mbah Dharmodumadi
Mbah Dharmodumadi Mohon Tunggu... Dosen - Mbah Dharmodumadi / Wira Dharmadumadi Purwalodra adalah nama pena dari Muhammad Eko Purwanto

Simbah mung arep nulis, sa' karepe simbah wae, ojo mbok protes. Sing penting, saiki wacanen ning ojo mbok lebokke ning jero dodo, yooo ?!!

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Aku Ra Po Po

23 Agustus 2014   16:58 Diperbarui: 18 Juni 2015   02:46 137
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1408762430212126031

Simbah Rawuh !.

[caption id="attachment_320570" align="alignright" width="300" caption="Koleksi Piyambak"][/caption]

Ndek wingi, Simbah tau ngomong karo putu-putuku kabeh, urip iku kudu sabar. Yen ora sabar banjur bakal mbatalake opo sing dadi kepinginanmu. Sikap kemrungsung lan gedhe ambisine uga bakal nyudo wujude pepenginanmu kabeh. Simbah menehi saran, yen putu-putuku kabeh biso nyuda ambisi lan kemrungsunge atimu. Banjur, Nglampahi padamelan sing sae. Alon-alon nanging mesthi, sing penting kuwat niate lan pracaya kabeh karo Sing durung kawruhan. Iku kabeh biso cepet mujudake kekarepanmu.

Putu-putuku kabeh yoo, sing Simbah tresnani, pengalaman Simbah wis akeh lan abot, ing wektu nyekolahake Papa-mamamu, Simbah nyambut gawe esuk nganti wengi kanggo mbayar sekolah Papa-Mamamu, nanging Simbah ora tau nambah sak pitung taun makaryo. Malah pimpinane Simbah wis weling karo Simbah, gaji sing Simbah tompo saben wulan 'overpayment', dadine Simbah nduwe utang gaji karo perusahaan, sing kudu dibayar. Iki kabeh lantaran ono 'sistem penggajian' sing anyar, sing adoh banget karo sing jenenge UMR iku. Simbah ora ngresulo.Ugo opo meneh sambat babagan masalah iki karo konco-kancane Simbah. Simbah nrimo ing pandum wae. 'Aku ra po po', jare wong saiki.

Simbah yakin, sing sapa wani 'dzolim' lan nindhes wong liya, bakal digawé sewenang-wenang dening wong liya ugo. Alhamdulillah, sawise wolung taun Simbah makarya, banjur Gusti Allah menehi peparingé kanggo Simbah. Salah sak wijine saka peparingé Gusti Allah iku, rama-ibumu sing kasil njupuk kuliah lan lulus ing 'univèrsitas negeri' lan entuk beasiswa. Banjur sing kapindho, putu-putuku kabeh sehat lan pinter-pinter, sholeh, sholeha kabeh. Iki hadiahe saka Gusti Allah. Simbah kedhah ngucapke syukur Alhamdulillah, saben dina. Saben wektu.

Simbah pesen kanggo kabeh putu-putuku, cobo putu-putuku kabeh podo pracoyo opo sing urung dingerteni lan khusnuzon kalian Gusti Allah. Mugo-mugo saran Simbah iki bisa migunani kanggo kabeh putu-putuku. Yo wis, Simbah ngantuk arep sare sik. Sesuk gojegan meneh. Simbah pamit yoo ?!!.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun