Mohon tunggu...
Mbah Dharmodumadi
Mbah Dharmodumadi Mohon Tunggu... Dosen - Mbah Dharmodumadi / Wira Dharmadumadi Purwalodra adalah nama pena dari Muhammad Eko Purwanto

Simbah mung arep nulis, sa' karepe simbah wae, ojo mbok protes. Sing penting, saiki wacanen ning ojo mbok lebokke ning jero dodo, yooo ?!!

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Lakonono Opo Sing Mok Tresnani

25 Agustus 2014   18:46 Diperbarui: 14 November 2017   16:15 264
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Simbah 'Purwalodra'  Rawuh !!!

Dino iki dino Senen, anak lan putu-putuku kabeh, mok gunakake kanggo nyambutgawe ngupoyo kabutuhan lan entuk apa sing dipengini. Simbah sithik menehi pangerten karo kabeh anak-putu menawa ono gunane, kaping pisan yo lakonono opo sing mok  tresnani, lan tresnani opo sing mok lakoke. Anak-putuku kabeh wae, saben manungsa wis nduwe rencono dewe-dewe. Manungsa biso milih éling utawa ora, gumantung ing manungsane piyambak. Opo sing kudu ditindakake iku ?. Yaiku  elinga bali menyang Gusti Allah. Dening cara ngingat iki, kowe kabeh bakal nemu jawaban saka jero awakmu dhewe, dudu saka njaba awak sampeyan. Ngandel karo apa sing ana jero atimu dewe, iku sing penting.

Opo wae sing dadi impen-impenmu dino iki, kuwi bakal nyiptakake 'fokus' awakmu dewe. 'Fokus' iki biso ngasilake 'persepsi' sing dadi dalan kanggo ngewujudake kapenginanmu. Awakmu kudu njaga ketenangan ati, amarga jawaban saben pitakonan uripmu iku ono neng jero awakmu dewe, sing anteng kui. Kabeh jawaban sing becik asale saka Gusti Allah. ora ono samubarang sing sejati, sing dudu asale saka Gusti Allah. Yen jawaban kuwi samubarang sing ala (ora becik), mula pikiran wadhag awakmu dewe sing ndadekne.

Manungso iku 'mahluk spiritual' sing ninggali awak fisik jalma. Sifat fisik menungso mung sawetara wektu wae. Jiwo menungso iku kekal onone lan tujuane mung ngibadah lan sinau, kanggo ndapetake pengalaman neng bumi iki. Mulane kui, urip apik lan elek, sing rawuh saka awakmu sesambetan kaliyan Gusti Allah. Kawruh iku, biso ugo angsale soko pikiranmu dewe, kanggo ngalami urip neg bumi. Nanging Gusti Allah iku tetep dadi panguoso urip menungso. Sak benere, awakmu kabeh iki 'roh' (mahluk spiritual) Sing lagi njalani urip neng bumi. Dudu mahluk urip sing lagi ngalami pengalaman spiritual, koyo sing akeh podo ditulis wong.

Simbah ngelingake maneh kanggo anak lan putu, nalika kowe kabeh nyambutgawe, lakonono sing pinter lan bener. Kudu tetep eling karo sing gawe urip. Ugo, ojo lali tansah mbiyantu kanggo wong liya. Lan nggawe tentreme dhewe atimu. Mugo-mugo Biso migunani kanggo kabeh anak-putuku. Simbah pamit sik yo, ben ora mekewuhi awakmu podo nyambutgawe ing dino Senen iki.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun