Mohon tunggu...
Maulidya Khoirun Nisa
Maulidya Khoirun Nisa Mohon Tunggu... Lainnya - siswa

Pelajar SMA yang tertarik terhadap seni

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

GEN-Y River School SMAN 3 Malang

24 Agustus 2023   13:10 Diperbarui: 24 Agustus 2023   13:23 71
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

SMAN 3 Malang kagungan program unggulan ingkang kathah. Sawiining program ingkang dados program unggulan inggih punika GEN-Y River School. GEN-Y River School punika jangkepan saka Genius Enthusiastic Nationalist Young Generation. Program niki awujud kerjasama saking SMAN 3 Malang kaliyan program Y-lead ingkang Singapura. Program Y-lead niki dinaungi saking River Valley High School Singapura. Saking program GEN-Y siswa saged tandang raos kepimpinan.

GEN-Y River School ugi dinaungi saking OSIS kaliyan PK SMAN 3 Malang, utamanipun  saking  siekom utawi sekbid 10. Sekbid 10 dibiyantu kaliyan pembina, pembina sekbid 10 punika Ibu Endah Ariani S.s, M.Pd. Program niki awujud kerja sama kaliyan  BEC (Bhawikarsu English Club), BEC punika ekstrakulikuler basa Inggris ing SMAN 3 Malang. Program niki ugi kerjasama kaliyan Putra-Putri Bhawikarsu, Putra-Putri Bhawikarsu punika dados duta siswa SMAN 3 Malang.

GEN-Y River School sampun wonten saka warso 2016. Wonten warso 2016-2019 GEN-Y River school niki diwontenaken kanthi offline. Dados SMAN 3 Malang kinthun siswa menyang Singapura, lan didhatengake siswa-siswi saking Thailand kaliyan Singapura menyang SMAN 3 Malang. Wonten warso 2019 ing wulan Juli diwontenaken GEN-Y River School menyang Singapura, wonten 12 siswa kaliyan 1 guru ingkang bidhal mawon. Tema ingkang disengkuyung kagem warso 2019 punika Leaders@tomorrow.world.

Nanging, ing warso 2021 program niki diwontenaken dados online, amargi wonten wabah virus covid. Dados kagiyatan dingleksanani kanthi zoom utawi perangkat-perangkat lintu. Wonten ing warso 2022 program niki taksih dingleksanani internal mawon, amargi kedah dijumbuhake kaliyan kahanan sak mantune wabah covid. Wonten warso 2023 program GEN-Y River School badhe diwontenaken malih dados offline. Sampun karancang badhe diwontenaken ing wusana wulan September mawon. Program GEN-Y River School niki ugi mboten kalebet kagiyatan sekolah, dados sedanten mawon mboten kedah dherek.

GEN-Y River School niki beda mawon kaliyan student exchange utawi pertukaran pelajaran. Yen pertukaran pelajar utamanipun punika ngraosaken kagiyatan sinau wonten ngamancanipun. Yen GEN-Y River school ugi utamane ngajaraken raos kepempimpinan damel para siswa. Progran-program ingkang diwontenaken kayata program problem solving. Problem Solving punika kagiyatan rembukan ngenani madosi solusi sawijining pekawis. Para siswa dirembakake, lajeng kaperang dados regu-regu. Sawijining regu kagungan pekawis-pekawis ingkang benten. Para siswa kedah kagungan solusi ingkang efisien kaliyan efektif, anggitan para siswa badhe dipaparaken ingkang regu lintu.

SMAN 3 Malang sampun nyetujui persyaratan MOU kagem program GEN-Y River School. Persyaratan MOU punika persyaratan ingkang digawe saderenge wonten program kasebut kaliyan kedah disetujui pihak sedanten. Yen badhe nderek GEN-Y River School mboten wonten persyaratan ingkang kedah dikawigatosipun. Nanging, kedah nyiapake arta Rp. 100.000 utawi Rp. 150.000

Saking program GEN-Y River School para siswa saged nambi wawasan saking budaya-budaya ngamanca ingkang benten. Para siswa yen nderek program niki saged ngelestarikakae budaya kaliyan ngenalake budaya Indonesia, supados Indonesia saged dadi nagari kang ngamanca. Sertifikat saking GEN-Y River School saged biyantu siswa SMA kagem jalur PTN Universitas.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun