mekrok neng plataran
endah di sawang
nengsemke ati
wayah esuk katon seger
bedug awan rada alum
lingsir wengi seger meneh
ana sing mung seneng nyawang
akeh sing pengin methik
apa dene sing ngambu gandhane
ana sawetara sing foto
neng kiwane apa dene tengene
semono uga neng mburine
kembang mawar nganda arum
kembang mawar merak ati
kembang mawar kembange jalmi
sing ngabdi Gusti
nganti titi wanci.
Roma 2006
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI